Jéré Ramané, dunya mung lewihan mangan. Angger nggo mangan wis cukup, lewihané dicéléngi didadékna dunya.

Mangan secukupé, ora kudu larang sing penting séhat. Ning séhaté pangan uga jéré sekang asalé rejeki. Angger olihé bener, dadi panganan, dadi daging-getih sing adoh sekang pilara.

Bab énak ya prelu, Ning biasané kuwé sekang kencoté mata. Mbosa dipikir, énak ya mung tekan telak. Bareng ngliwati telak ya dienténi baé ngésuk lewihané dadi apa.

Kabéh wong banjur nggolét lewihan. Kabéh pekodén sing digayuh ya lewihané. Ning mbasanu sing aran lewihan kiyé sing abot. Merga karepé kudu cawat-ciwit, neng ngélmu ékonomi modéren diarani manajemén.

Sing angel neng ngélmu kiyé, merga diétung nganggo sistem manajemén kertas ora tinemu ngakal. Merga angka duit sing mlebu karo angka duit sing mlebu ora imbang karo angka duit sing metu. Ning ndilalahé cukup. 

Cukupé wong siji karo liyané ora padha. Sing angel kadhang merga ora téyéng mbédakna kekarepan karo kebutuhan. Angger bab loro kuwé wis téyéng dibédakna, urip bakal kepénak.

Menungsa, butuhé mung 10, ning kepénginé sejuta. Gunung tanpa tutugan. Kuwé sing marakna uripé ngangsa. Ora wadhas, ora wungkal, angger ora nyengkal neng telak ya jéré halal.

Banjur kuwé uga sing marakna ndluya tur ngangsa. Brangasan ora genah, kelalén karo wewaleré urip. Nepsu kanggo muasaken kekarepané ngungkuli jatah sing kuduné ditampa. Bras-bres ora mikir déné ana wong liya sing digawé sengsara. 

Kegedhén empyak kurang cagak. 

Langka sing préntah rika dadi anu. Merga kabéh wis ana résikoné. Dadi PNS ya genah kudu ngurusi rakyat, gajihé cilik, ning mangler. Ora banjur dadi mbenerna nalika korepsi. Ngunthet duit kantor, nyaloni proyék, utawa mark up anggaran.

Sekabéhé profési wis ana résikoné bab pekolih. Ditampa kan diatur sing bener. Merga kuwé sing dadi jatahé rika.

Déné ana préstasi, genah rika kerja kon duwé préstasi. Wong liya sing bakal mbiji. Angger ana sing ngritik, ya kudu ditampa mawa ati lega. 

Banyumas negeri tuwa, digawé lan ditata mawa ati jembar lan wasis. Aja gawé culika, kuwé sing marakna ketulah. Angger tulahé mung neng rika thok ésih mending, angger tibané maring anak-putu, melasi. 

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..