Amben dina ketemu srengéngé
Amben wektu isa ambegan
Amben wengi langité peteng
Amben isuk wong pada tangi

Kawit gemiyén ana wong
Kawit gemiyén ana kéwan
Kawit gemiyén ana wit
Kawit gemiyén ana banyu

Apa ora éling karo anané kuwé
Apa ora keliwat golé mlakuné urip
Apa wis keton bener tur pener dalané
Apa wis padang atiné dhéwék

Mayuh gragap-gragap
Mayuh diéling-éling
Mayuh golét dalan becik
Mayuh golét alané dhéwék

Nék ésih urung mudeng
Nék ésih ora paham
Nék ora mudeng
Ya… jajal

Kampleng!
Kampleng atiné dhéwék anggo kaca benggala

Kebumén, 15-01-2022

Kang Zen

Aktifis sosial kemasyarakatan aseli Kebumen. Siki lagi "nyambi" dadi guru lan tenaga pengajar.

Mayuh dikomentari luur..