Kepriwé huwis marem mbok?!
Debenjét gobogé sing nyumpel apa arep deterus-terusna! Ngonoh bakalan lewih roncod, temenan kuwé!

Owalah… kabéh mau kuwé sekang awaké dhéwék golé mari. Wong liya ya ana sing gelem ngélingna merga tresna, uga ana sing ngejor belih hora urusan pelkara.

Ngrasakna siki ora, rasané kepriwé mbok? Ngonoh derasakna angger huwis ya aja delakoni sing apik-apik baé , wong kabéh kuwé nggo awakmu déwék bén énténg,

Éling aja mung nang cangkem thok golé kapok. Éling delakokna sing temenan.

Aja iya iya thok, aja mung iya siki ngésuk mbuh lah. Deniyati sing bener-bener tur mantep, lah wong sepira ora bé malah dadi mambrah-mambrah mengko pelkarané.

Titéni bae! Sing jenengé sing ora apik ya dadiné ora apik. Mula kuwé aja kumat, mbok ya a melas karo awaké déwék.

Jal baé ora ana sing ngélingna, arep kepriwé lakune urip? Ya tambah mblandang hora karuan.

Contoné wis akéh sing wis dungkar, kuwé dadi ngalamat sing kudu téyéng dewaca.

Depikir karo delakoni pancén angél, ningén ana niyat tur wani mlaku bener, sing penting aja gemradag jané tolih ngerti tur ngrasa, mung durung tatag nggo ngadepi kepriwé mengkoné.

Depikir maning sih angger iya dadi moncér. Lah mbuh apa sekratakan thok? Angger ora bener pancén pingin apa baé keturutan, ningén rasané tolih nang awak dadi rasa ruag. Dadi wong koh angel temen, mbok ya sing gampang tur bener.

Mula kuwé tangi jenggirat gagéyan. Uripna kabéh apa sing nang awakmu déwék.

Jor baé sing nggawé ora bener ora mangfaaté delawan baé, tolih alon-alon ilang sing pelkara ora apik ora bener.

Akéh dalan sing apik karo bener koh, ora jéré-jéré. Aja angot-angotan maning mbok dadi gégér. Jan temenan rekasa sekabéhané rasané.

Pokoké ya kudu ngalami pelkara sing ora apik, mlentong nganah ngénéh dadi téréng. Bén dadi ngerti paité.

Ngresulané aja nang ndunya sing maya, malah dadi wadi nang urip.

Mending degawa meneng ningén depikir kepriwé carané aja anjlog maning. Lewih depikir apik bener dalané.

Percaya bae kabéh mau ana mangsud dewaca sekang basa ngalamat. Gelem ngadoih sing gawé sirep ya bakalan tangi lewih kepénak, bakalan padhang dalané.

Njaluk ngapura nang awakmu dhéwék. Bén lewih plong, ntongna kabéh sing ana njero rasa dadi pelkara ora apik. Denguda rasa saben wektu sedermané baé sing penting mantep. Aja gemrungsung sing aso baé , tetep nang dalan sing apik bener ya lenceng.

Rahayu 🙏

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..