Unggal ésuk Yu Sarmi biasa ngedusi anaké sedurungé pada mangkat sekolah. Ya karo nyambi nggawé mendoan karo ngenget jangan sing kadang ésih énak dipangan. Ya sisan nyambi umbah-umbah bujuran karo gerabah. Lah werna-werna.

Kawit subuh wis mulaih nggodog wédang neng pawon, sedurungé numpangna beras liwetan nganggo pithi anyaman sing wis mandan geseng karo bolong digrogoti srondol. Angger njangan utawa goréng lah wis nganggo kompor gas. Ning ya nék gasé ora entong. Nanging saiki anak-anaké Yu Sarmi ésih pating nggrusel nang umah. Amarga sekolahé siki wis nganggo hapé lewat onlén.

Anak mbarep sing jenengé Indra nembé kelas 2 SD. Sing bontot lah mbené mlebu TK, jenengé Cahya. Ramané, kang Danuji, wis kawit mau mangkat ndérés ming alas. Biasané jam pitu ya wis tekan umah, banjur mangkat ngarit kanggo empan wedhus paron sing cacahé sepuluh nang kandang mburi umah. Kasil paroné mbéné olih siji.

Indra karo Cahya pada gurisan nang pedangan, mbatiri biyungé sing lagi genén. Sedéla maning Indra maring nggoné Mino, tangga ngarep umah sing nduwéni hapé kanggo nunut nggarap tugas sekolah.

Pancené Indra lagi njaluk tuku hapé, nanging kahanan wong tuwa sing durung cukup duwité.

Dadi bocah ya ndilalah manut, ora patia ngudreg kudu nduwéni senajan wis dadi kebutuhan sekolah.

Kang Danuji ya saking mikiré kepriwé nggolét duwit, uga Yu Sarmi sing pinter-pinteré nabung lan ngatur keuangan rumah tanggané. Sakjané sing patia mikir malah Yu Sarmi. Kapanané nduwé duit, masa oraha, masa oraha. Bocah koh ya melas temen arep sekolah bé koh ndadak nunut maring tanggané. Senajan ya mbuh pirang ndina sepisan awéh urun kanggo tuku pakét data.

SD Kecil sing muridé mung segrumbul dusun ngisor gunung Slamet kaé tetep baé patuh marang pemréntah. Ora ana pembelajaran nang kelas, gerbang sekolah tetep dibuka nanging ora ana ramé bocah kaya biasa.

Kahanan pageblug pancén nggebug awak déwék kabéh. Angger diomong susah, ya pancéné susah. Yu Sarmi sing mbiyén sedurung mbojo karo Kang Danuji mung sekolah tekan SMP kelas loro, durung tekan lulus acan. Lah aja maning kon nyinauni bocah, dhéwéké ya pada-pada dadi kon sinau maning.

Bar Kang Danuji bali ndérés sekang alas ésuk-ésuk, Yu Sarmi menggeni badég nang pawon. Sedina paling olih patangkilo, saben soré dijukut nang tengkulak sing biasa ider turut umah tukang ndérés.

Indra wis adus, wis sarap, nggari mangkat maring umahé Mino. Sakjané Mino ya ora tau kepriwé-priwé maring Indra. Bocah loro kaé ya akur-akur baé. Nanging atiné Yu Sarmi tau kecenthok omongané mamaké Mino.

Sewijining dina, Yu Sarmi krungu yén Indra pas lagi sinau malah akéh mangani jajanané Mino. Ya tau krungu, mamaké Mino nggentak bocahé sing tribis baé. Ya nyatané bocah, wis dadi maklumé. Sing kanggonan ndéan ngrasa sumpek.

Yu Sarmi wis ngomongi Indra bén lewih ngati-ati, aja banget ngepénakna neng umahé wong liya. Sawetara, Cahya sing ésih nang TK mésih mandan lumayan kepénak diatur.

Aben dina Jemuah, Yu Sarmi maring sekolahan sing panggonané tangga RT kanggo njukut kertas tugas karo setor tugas seminggu kepungkur. Tugasé kadang mung mewarnai, nggambar, utawa latihan nulis angka utawa huruf. Nyinauni Cahya biasané ngenténi rampung nitis gula. Bé angger Cahya ora turu awan. Nék wis turu ya digarap soréan.

Pas lagi krungu adan Duhur, Indra bali ngumah metung pedangan. Yu Sarmi lagi ketanggung nitis gula ora sempet nakoni apa-apa maring Indra. Bar gulané sing ésih benyék kaé diwadahi nang baskom sing ditataki kresek bekas, banjur nyirep geni pawon bén aja ngasi mlagar.

Indra ijig-ijig nangis nggero. Ora ana apa-apa, durung ngomong apa-apa. Yu Sarmi gedandapan pas lagi numpangi cérét maring pawon sing wis diciprati banyu.

“Lah lah lah… Ana apa, kepriwé, dénéng bali bali malah nangis lé, lé.” Takoné Yu Sarmi maring anaké karo ndongkrok nang ngarepé.

Indra nutupi rainé karo lengen tengené. Dhéwéké méwék ngasi sesegukan. Yu Sarmi pancéné ora tau ngoméih bocah angger lagi nangis. Paling ditunggoni tok, ora dikongkon meneng. Anggepé, angger wis kesel toli meneng, nék wis rampung tembé kena ditakoni.

Bocah nangis ora ana sing katon tes tiba tah ya ndéan tes tukaran karo kanca, utawa mbuh merga apa sing ndadékna nlangsa. Yu Sarmi mung ngaséng Indra maring kamaré, banjur kon turuan. Nangisé Indra wis ora nggero-nggero, amung nggari kamisesegen.

Yu Sarmi sinambi ndulang Cahya karo naréni anak wadoné kon sinau nggarap tugas sekolah. Indra sing ésih kamisesegen menyat nglumpruk nang pangkonané mamaké kué.

Kanti suara lirih, Indra ngomong; “Mak, tukokna hapé…”

Yu Sarmi ésih meneng. Bingung kepriwé arep golé naréni. Nyatané wis seseméster kiyé ésih andon nyelang marang tanggané, padahal sekolah onlén embuh tekan kapan wektuné.

Tabungané durung cukup nék dibobol nggo biaya tuku hapé sing kena nggo keperluan bocahé sekolah.

Penghasilan per dina mung nyukupi kanggo nempur, bécér, lan tagihan listrik karo PAM désa. Urung nék bocahé njaluk jajan sing saben wektu ana sing liwat.

“Miki aku diomong neng mamaké Mino kan…” Indra mulai kamisesegen maning. “Jéré kon nduwé hapé déwék bén ora rebutan karo Mino. Padahal kan nyong ora ngrebut mak, mung mélu nulis bareng. Terus…” Indra kamisesegen maning. “… kan Mino diwarahi nang mamaké, tapi maring aku ora. Kan bingung kan… Mino angger diwaraih mamaké sokan ngoméih, nék Mino wis rampung aku ketinggalan embuh ora ngerti anu kepriwé. Mamaké Mino wis ora ngepénaki lah mak…” ambekané Indra wis mulai teratur, ora sedéla-déla kamisesegen.

Yu Sarmi gantian ndulang Indra sekang piring sing pada karo madhangané Cahya. Ya karo mélu nlangsa senajan ora ngeluh. Nanging atiné krasa ngawak dhéwék. Tur ya syukur, nduwéni anak loro pada ngléla, pada nglésa. Ana penjalukan ya ésih lumrah. Termasuk penjalukan sing siji kié, janéné ya lumrah, tur pancéné durung ana duwité baé.

Soré-soré sewisé pada nyoré, bocah-bocah pada dolanan nang njaba karo kanca-kanca. Yu Sarmi mbukak gendu-gendu rasa maring kang Danuji. Nyritakna apa sing wis kedadian sedina mau. Kang Danuji mung meneng, mikir karo nglinthing.

“Lah ngomong karo rika tah blas ora pengertian, kang.”

“Mengko disit, yi. Nyong ya lagi mikir.”

Wong loro kue pada anteng-antengan léséhan nang pedangan.

“Ngésuk tek adolna cempé sing kasil paron kaé ya kena. Angger payu wis ana duwité, nggari ko sing mangkat maring pasar Kemukusan. Kayané ana konter sing adoli hapé toli.” Ujaré kang Danuji. Yu Sarmi mung ngiyani.

Mula ésuk uput-uput sedurung mangkat ndérés, kang Danuji langsung tilik kandang wedhus. Arep ngempani karo ndeleng wedhus kasil paroané sing sakjané ésih cilik. Niaté mengko arep nawakna maring sing nduwé modal wedhus paron utawa didol maring tangga teparo. Mbok menawa ana sing gelem.

Nék payu, rasané ora sia-sia kanggo mbungahna karo nyekolahna bocah. Nyatané dadi wong tua pahal kesel ya kanggo anak. Nanging sedurungé arep didol, lah aja maning didol. Kang Danuji malah kélangan wedhusé. Iyaa, wedhusé ilang. Kang Danuji glisahan.

“Yi. Yi… Kyéh ngénéh. Dénéng si wedhusé mung sanga. Yi, kié nyong mbok salah ngétung. Ilangé malah wedhusé dhéwék yi.” Ucap kang Danuji mandan nggero tapi Yu Sarmi ora krungu.

Awaké manjat mlebu maring kandang wedhus. Mestikna nék sing diétung wis bener cacahé. Pancéné wis bener. Wedhusé ilang siji. Koh ya téga temen sing nyolong, tur ya nanggungi temen wong nyolong koh mung siji padahal ésih ana sanga liyané maning.

Mbosanu mblingkraki kandang, kang Danuji malah nemu hapé smartphone wis kisingan wedhus.

“Woalah wong gemblung!” umpaté kang Danuji.

Déwéké ésih nang njero kandang wedhus karo nyekel hapé sing kulah bribil mau kaya nyekel wungkal. Ning koh ya hapéné durung ana sing nlepun padahal ésih kena murub.

Sawetara karo mikir, pancéné lagi  niat adol wedhus kanggo tuku hapé, lah saiki wedhusé wis ilang ya wis ana hapené. Tapi kan kiyé udu hapé sekang tuku dhéwék, soale nduwéké sing nyolong. Tapiné maning, ya masa arep dibalékna padahal wedhusé ya wis ilang.

Kang Danuji ésih anteng nang njero kandang. Durung ana keputusan sing gamblang. Banjur krungu suwarané Yu Sarmi gugah-gugah bocah. Kang Danuji sadar sekang ngalamuné, ana wedhus nguyuh maring arah sikilé.

Farikhatul Ubudiyah

Lair lan manggon ana ing Kembaran, Banyumas. Dadi bakul tanduran kembang sing dijenengi Lalita Wreksa.

Mayuh dikomentari luur..