Mbah Cewirun agi ngasah kudhiné nang mburi pekarangan sing ana papringan akéh pisan. Semribit pokoké nang kono marakna tiyar-tiyér selat suwé akéh angobé.

Sat set sat set! Kudhiné deasah nganggo wungkal nyambi nembang swarané rengeng-rengeng.

“Iwak pithik dada menthok
Njagong dingklik junjung katok “

Hora let suwé mbah Cewirun nyeluk.

“Tu putu tulung gawékna kopi clebek, karo nyong harepan kandahan sisan.
Aja klalén bleg sing nang méja isi péyék urang gawa sisan nggo lawuh médangan.”

“Nggih mbah…
Niki mbah kopiné karo lawuh médangané, kepripun njenengan badhé kandahan napa mbah?”

“Ya ko njagong nang dingklik kuwé.”

“Kaya kiyé tu, ko ngrasakna ora? Kahanané sing gawé wong cilik sengsaya ngresula? Ngendi papan tembungané ya padha baé. Golét pangan angél , hurung plekara liyané campur aduk dadi siji marakna bundhet.”

“Nggih mbah melas golé nyawang tur ngrasakna mbah ya matur nang kon aso baé mangan sepangané. Aja melik karo duwéké wong liya nduwéni barang sing anyar. Kula njih sendika mawon.

“Iya mbahmu kiyé ya wis biyasa kit cilik genah seanané, hora meksa duwéni barang sing kirané hora téyéng tuku.”

“Mbahmu kuwé dewaraih debiyasakna akéh cegah dahar lawan guling, merga dewaraih kit cilik nang mbah-mbahmu mbiyén..”

“Punten mbah nika napa njih mangsudé? Kayong nembé krungu. Mangga Mbah sinambi nyruput kopiné…”

“Putuku… Cegah dahar lawan guling kuwé mangsudé nyegah kencot karo turu utawané ngarah gampangé ngurangi madhang karo turu.”

“Lah nika pada baé karo tirakat ya, mbah?”

“Ya bener putuku. Kena dearani nglakoni tirakat, gunané nyegah hawa nepsu uga nduwéni kekuwatan lair batin kanggo babagan ngenténgna ruwet nang urip. Njaluk apa ya téyéng keturutan, angger delakoni bener – bener tur ora duwé rasa pengarepan golé nglakoniné.”

“Oh nggih, mbah. Dadi jaman kuna lereng karo siki wong é beda mbah nang babagan kuwé mau?”

“Ya ora kabéh, tetep ana sing nglakoni kaya kuwé. Mung ya kuwé golé nglakoni merga pas butuh utawa wis biyasa ningén ora duwe kepénginan. Kabéh kuwé ya gunané nggo ngadepi jaman sing morat marit. Merga kuwé mbahmu kiyé karo ko ya biyasa baé kawit cilik, biyasa hora duwé duwit siki ya ora kagét wong wis biyasa. Apa maning kaya dhéwék tu, urip mung sedermané baé.

“Nuwun séwu mbah kula badhé takén niki..”

“Mangga apa kuwé, tu?”

“Dadi kaya kiyé mbah, babagan sing morat marit dadi marakna bombong maning nika kapan nggih? Napa ngenténi wongé pada sadar tur padha tirakat?”

“Ya sing ko takon kuwé mengko tek wedar derungokna sing bener bén ora salah krungu. Duwe kuping ya kudu deuripna. Ora mung nggah nggih nggah nggih thok”

“Nggih mbah…. Kula mirengaken nganggé rasa. Apa maning karo nyruput kopi, jaan kepyar pisan. Ati kalih pikiran kula tek selarasna mbah..”

Sat set set sat! (Mbah cewirun ngasah kudhi alon-alon karo crita). Wushhh buelll ora kéri lintingan mbakone kemebul.

“Dadi kaya kiyé putuku…
Nang jaman sing morat marit ora gampang golé ngakoni, tur kabéh kuwé kudu nganggo rasa sing sejatiné rasa.”

“Rasa bombong kuwé degawé nang awaké dhéwék.”

“Sing nyawang ya bombong, apa maning sing desawang, sing penting ginau urip berkah.”

“Siki akéh wong ora pada ngeton gole tirakat nggo nyeimbangi kahanan bén ora njomplang. Mengko kabéh kuwé dadi tatanan anyar nang urip kabéh ya mergané gusti pengéran. Dadi ya sing hora biyasa nglakoni ya jané ora krasa wis nglakoni mung tirakaté carané séjén.”

“Contoné biyasané ésuk sarapan sega lawuéh akéh, siki wis debiyasakna mangan nganggo panganan kuna ya kaya boléd godog macemé kala pendeman.”

“Ana uga mbah-mbahmu seliyané Mbah Cewirun kiyé sing wis ora nana, urip maning mélu ngréwangi kahanan bén dadi bombong maning, mung ora pingin ngeton akéh uga sing ora pada ngerti.”

“Siki wis wayaéh…ora baén baén. Ningén ko aja wedi, ana mbah-mbahmu ikih uga Mbah Cewirun kiyé sing nuntun ngélingna uga ngréwangi awakmu.”

“Tu putu ko wis ngerti apa sing kudu delakoni. Plekara kiyé aja decritakna nang sembarang wong, merga hudu pelkara sing énténg,
Deéling- éling ya putuku..

“Sendika dawuh mbah…
Nuwun séwu napa sing marakna kahanan pada bombong niku mbah?”

“Tu.. kaya biyasané mbahmu kiye crita udu mung sekedar crita, ningén kudu téyéng ginau déwék, apa kuwé mangsudé sing mbah mengko critakna…”

“Tu..kiyé huwis demolai nujuné kahanan bombong. Huwis molai pada kélingan karo leluhuré dhéwék-dhéwék. Gatékna wedaran sekang mbah kiyé putuku..”

“Sing kesiji demolai sekang wong gemblung mangan ora wareg-wareg karo nggroméd, dadi lawang mbukak sekabéhané tatanan bombong. Banjur sing keloro…akéh jaran sing pathoke ucul, maring ngelor ngidul ngétan ngulon. Saben wengi titiré padha moni, geni nang pring padha ibing-ibingan. Sing ketelu, kukus ireng karo wedhus ireng degusah nganggo kala pendhem. Kabéh ana wolung plekara, putuku. Dedeleng disit telung plekara mau. Mbah hudu jéré harepan disitan ndisiti kersaning gusti..”

“Kabéh kuwé pancén kudu ana gégéran nembé arané ger-geran.
Bombonggg!”

“Oh ngaten nggih, kesuwun mbah”

Klilan
Rahayu 🙏

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..