Brabat-brubutt lakuné nyambut gawé
Buruh talun jedhil kedhelé.
Jedhil gemiyén rangkep kasilé.
Kedhelé derempeyék, detégé utawa nggo gawé témpé.
Godhong rambanan nggo makani ingoné, cempé

Brabat brubut mbedhuli suket,
Timbang mumet mikir sing njlimet-njlimet.
gawé padhangé dalan, bombongé tanduran ora prelu

rebutan pangan.
Brabat-brubut swarané wong bruwun, aja klalén ayuh

pada nyuwun
Kanugrahan Gusti Maha Agung

Brabat brébét lakuné gawé,
nyewéki godhong nggo gawé lonthong
Pasar dodol sedhéla entong
Kasil ndagang nggo gawé gedhong.
Gedhong magrong lampu mencorong, tengeré urip

ngibadahé moblong.

Brabat brobot swarané entut,
weteng lega ati gembira.
Sing répot kanca lan tangga, mambuné ubles ora lunga-

lunga

Brabat brébét
Kathoke sewék,
Meksa kudu dondom dhéwék.
Timbang metonggo planga pongo.
Domdom kathok desambi ndodok, ngrokok
Merga uripé urung duwé jengkok. Jagongan kasilan saben

wulan

Bladas bludus lakuné wong gemagus wateké tikus
Senengé ngingus- ingus barang sing prengus
Ketangkep KPK ora kawus
Ngayawara ujaré kebal kasus
Mripaté plarak plorok
Mesthi lakuné keblosok
Urip sepisan thok ora usah sok
Émuta kabéh sing anyar neng alam ndunya bakal bosok,

dadi rongsok

Kejaba siji sing abadi
Gusti sing Maha Suci.

Rawalo 05092020

Akhmad Mubarok

Guru neng SD Negeri 1 Cindaga Kebasen Banyumas.

Komentaré wong-wong

    • Mas Sena kesuwun…njenengan nyemangati Inyong terus
      Muga Inyong bisa melu jejake Rika dadi tukang nulis ngramekna litrasi negeri
      Aamiin

      Reply
  1. maen warah nggurit bab kebiasaan sing delakoni nang alam ndesa, klakuane awake dewek lan nyindir wong sing cok ingas-ingus aring sing prengus uga ngelingaken kon pada eling maring Gusti Kang Maha Suci

    terus berkarya Pak Akhmad Mubarok 👍

    Reply
    • He…kesuwun mas agung piyayi tebih teng Paran sing ngetutna tulisanku terus, Jan kesuwun pisan mas Agung nyong nitip buku-ku Maring Rika…dadi tukang arsip…hihi

      Reply

Mayuh dikomentari luur..