“Mbah mbah mbah..”

“Ana apa tu putu? Sekang ngendi ya? Degoléti kawit mau. Kiyé nembé nongol tu?”

“Héhéhé punten mbah mau ora pamitan golé lunga…”

“Lah ko tah wis biyasa cokan kaya kuwé. Kenangapa blépotan belet réwad-réwod kaya kuwé. Bar ngapa, tu?”

“Sekang blumbangé batiré mbah”

“Oh ya tulung jiotna iket é mbahé nang njero senthong ya, tu..”

“Nggih mbah sekedap. Mau batiré ngabari kon ngréwangi. Dadi kula arep pamit, mbahé lagi neng sawah. Arep tek parani, kula pun detunggu. Nggih sepurané sepisan maning, mbah..”

“Kon ngréwangi apa, tu? Mikat manuk perkutut maning apa nang kana?”

“Mboten mbah. Kula kon mélu mbedah blumbangé, panén ulem. Kiyé dewéih ulem mbah lumangyan akéh, téyéng nggo lawuhan mengko. Makané ngundangi mbahé, kula badhé wijik rumiyin nggih karo ndelah ulemé terusan raup bén kepyar héhéhé. Kula tek mundut iketé nggih, mbah..”

“Ya tu, ora usah grusa grusu aso baé. Gebyur sisan bén seger. Ngurusi iwaké mengko baé ya kena. Éhh…mbokan ana wong teka ngumah apa maning siki malem slasa kliwon”

“Niki mbah iketé. Oh nembé kémutan. Mau pas balik umah kula mampir nukokna mbako nggo pranti nglinting mbahé. Niki mangga…”

“Oh ya tu suwun ya. Ngerti baé angger mbahé mbakoné gari sepetil. Pancén ko putuné mbah pengertén.”

“Tekkék… tekkék… tekkék..” (Ijig-ijig ana swara tekék)

Mangga kék semaur karo nggroméd kéré sugih kéré sugih kéré sugih kéré
sugih kéré sugih kéré sugih kéré sugih…”

“Alakaé mbah… mbah… Apa temenan sih nek ana tekék moni desambaté kaya kuwé? Hahaha”

“Owalah tu, putu.. ko kudu ngerti ya. Dudu jéré mbah nyembah tekék. Kuwé kéwan ya depada-depada gawéané sing gawé urip mbok. Anggep baé agi ngobrol, kéné ngerti cara basané kana, kana ya ngerti basané kéné golé kandahan. Sapa ngerti ya de trukahi ngomong apik dejawab apik. Téyéng baé tekék mau ngamini dadi kesembadan.

“Éling tu, putu. Mbuh kéwan mbuh wit-witan ya kudu ditresnani disambat, pada déné makhluké sing nggawé urip. Ora jéré mung karo menungsa thok.”

Anggep baé nggo bumbuné urip, ginau rasa tresna

“Njih mbah, punten jéré mau arep kandahan?”

“Loh mbok wis kandahan kawit mau? Nembé dog bé langsung kandahan. Ko sih kepriwé tu? Hahahaha” (Mbahé geget).

“Ngénéh kuwe njiotna menyané nggo campuran nglinting”

“Kiyé mbah… mangga. Héhéhé mangsudé kula mbok ana babagan sing penting mbah..”

“Putuku, putuku.. Kabéh kuwé penting. Sing arané penting kuwé bén awaké dhéwék kulina ngregani awaké dhéwék. Mangfaaté ya akéh ora kuwé thok, pokoké aja deanggep sepélé, tu.”

“Contone baé ngregani wektu ngger janjian karo batiré jam 8 ya teka sedurungé.”

Soale mbokan nang sedina kuwé dhéwéké arep ngapa baé, kan dhéwék ora ngerti. Éh mbok jam 11 jebulé batirmu wis ana janji juga, ningén ko teka telat piwé jal? Mudeng mbok tu?”

“Njih mbah kula mudeng ya mubeng hahaha…”

“Ko lucu banget janén njah. Ningen mbah seneng pisan nduwé putu kaya ko. Manut ngger dekongkon ngapa baé, pokoké iya ora nganggo ora. Apa maning ko putu siji-sijiné mbahé. Jan rasané gawe bombong, muga ko dadi wong sing mangfaat nggo wong akéh.”

“Héhéhé sing penting mbah bombong lah. Kula tah gampang. Deséhat-séhat nggih mbah. Nék langka mbahé, kula nggih bingung wong kudu ésih akéh pitutur pituduh karo pitulung”

“Ya putuku sing paling tek tresnani. Ko saya maju gedhé ya kudu ngerti karo awakmu dhéwék. Kudu lewih temua ngadepi apa sing ana nang urip, angger ana apa-apa ya aja meneng. Gari crita bae aja deumpet-umpetna. Wong jané ya mbah ngerti apa sing ko rasa.”

Njih mbah. Sepurané, wong mangsudé kula niku bén ora gawé pikiran mbahé. Mbah pun sepuh, ujaré kula nggih pokoké sing bombong. Oh ya mbah mau ana wong tilpun, jéré arep sowan nggoné dhéwék mandan wengian.

“Ngandel ora, nah mbokan ana dayoh teka. Kebeneran mbah mau bar mbedul boléd ngko tulung degodogna nggo sangu wédangan nggo dayohé dhéwék.”

“Deéling putuku ngger ana dayoh teka kuwé ya kudu gupuh, aruh, rengkuh, lungguh, suguh.”

“Kawit jaman kuna lereng mbah deajari dewaraih luhuré mbah kaya kuwé.”

“Napa niku mbah mangsudé nggih?”

“Putuku… Gupuh kuwé gagian golé nyambut utawa nrima dayoh. Aruh kuwé ya nyapa. Mangsudé dhéwék disit sing nyapa pas ketekan dayoh. Ngawali disit mbukak omongan bén dayohé ora isin ora mblegedreg. Angger rengkuh kuwé mangsudé dhéwék kudu jembar atiné senajan ora pas karo kahanané ketekan dayoh. Banjur nék lungguh ngaturna mangga maring dayohé kon mlebu terusan ya kon njagong. Lha Suguh kuwé nyuguhna, mbuh kuwé wédang, jajanan apa kon madhang sisan, ningén ya seanané sing dhéwék duwé tur rila. Kaya kuwé putuku..

“Oh nggih, kesuwun dadi kula ngertos. Kuwé kabéh mau nggo ginau urip kula maring ngarepé. Nggih mpun mbah kula tek siyap-siyap rumiyin karo sisan nggurusi ulemé sing mau mbah. Mangké dadi sisan baé nyoré bareng mbah karo dayohé nggih”

“Ya putuku, nembé tek bathin éh ko wis molai mudeng babagan suguh. Mengko langsung depraktékna, wéih rezeki nang wong tolih akéh mangfaaté..”

“Kesuwun pendongané mbah. Oh ya mbah, bolédé nang ndi nggih?”

“Kaé putuku, tek gléthak tek séndéhna nang ngarepan kandang wedhus. Kuwé sisan baé arit karo wungkal mengko desog nang nggon biyasané ya…”

Klilan,
Rahayu Sagung Dumadi

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..