Akéh sing susah
usaha bubrah
rencana mubah
lelara parah
sing mati njeprah

akéh uga sing bungah
ndongané terus baé wabah
sebab ora usah obah
beras lan pangan tekan ngumah
senajan ora duwé sawah
bisa mangan méwah
ndog daging sayur paringé pemréntah
saben wulan tampa jatah
ora nyumbang ora takziah
ora mpasar ora nyawah
jégang udud ngopi ning umah
urup pawon mrengangah
anak ora sekolah
kumpul ning umah
tambah lemu lan gagah

sing penting nganggo masker
ngantuk ya turu sing angler
nganti kampil kebek iler

Waaaaah
waaaaah
Baaaah
baaaah

Hmmmmm
Mmmmmh

Ajibarang, 19112020

Trisnatun Abuyafi

Guru neng Banyumas sing seneng banget nulis. Siki manggon neng Ajibarang

Mayuh dikomentari luur..