Tek regem atimu
Banjur tek elus alon
Tek buka lembaran
Tek tulisi rasa kasmaran
Tek gambar kaéndahan
Banjur tek cucup tatu atimu
Bén mari waras kaya wingi

Tek regem atimu
Gegem kenceng telenging kalbu
Gegandhéngan ora peduli wektu
Terus bebarengan
Tekan napas kang pungkasan

Tek regem atimu
Banjur tek gambar kasunyatan
Nglakoni urip brayan
Mituhu dawuhing Pangéran
Netepi kewajiban

Tek regem atimu
Bengi, ésuk, soré lan awan
Ora bakal kélangan
Ora bakal koncatan
Tak regem atimu
Nganggo tangan katresnan

Ajibarang, 11 Juli 2020

Trisnatun Abuyafi

Guru neng Banyumas sing seneng banget nulis. Siki manggon neng Ajibarang

Mayuh dikomentari luur..