Ana pasangan bebojoan jenengé Yanto karo Yanti. Ngepasi dina kiyé Yanti ulang tahun, Yanto alhamdulilah lagi ana rejeki dadi nukokna klambi ana 3 nggo hadiah ming bojoné. Bali kerja gagéyan Yanto bali ngumah njur ngomong..

Yanto = Ya
Yanti = Yi

Ya : Bu, selamat ulang tahun ya kiyé ana hadiah nggo kowé.

Yanti sekal ngampel, nangis karo ngesuni Yanto saking bungahé. Mbasan ngerti hadiahé klambi, Yanti langsung narik Yanto mlebu kamar…

Yi : Ngénéh mas ming kamar
Ya : Siap…

Tekan njero kamar Yanti langsung ucul-ucul wuda rep njajal klambiné..

Klambi no 1
Yi : priwé pak? Aku katon ayu ra?
Ya : ya maén tambah ayu bu…
(Yanto nyawang karo ngathang ngathang)

Klambi no 2
Yi : nék kiyé priwé pak…semlohai ra..
Ya : iyzaaa…

Klambi no 3
Yi : lha nék kiyé priwé sexy ra…

Yanto wis gemletek golé deg-degan gemrungsung syahwaté… karo njawab..

Ya : iyzaaaa buuu…apik kabéh nang kowé… Kowé nganggo apa-apa apiiikkk… Wong ora nganggo apa apa bé apik pisaaaaannn… Gagéyan bu… Gagéyaann.

Teguh Prihantoro

Sekuteris sing seneng barang antik. Manggon neng Klampok Banjarnegara.

Mayuh dikomentari luur..