Srengéngé gumlewang mudun sendhuwur bénténg
Mrambat lumungsur
Niti wanci
Babar magrib
Kenthong lan bedug mesjid detabuh
Corong genthoar ngumandang adzan

Kewan ingon pada masup kandang
Wong-wong padha tumungkul
Dedepé maring Gusti Sing Sawiji

Meneb rasa
Meneb pikir
Gegondélan sajadah ngemu dzikir
Rasa pangrasa remesep nungsep neng tuntung ati

04052012

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Mayuh dikomentari luur..