Inyong kudu ngomong apa maring rika
Wong rika baé ora segu ora wain
Blas ora nggoplé
Lawas salawas lawas
Ora melas maring awak
Ati kaya depelas
Jantung kaya depecak

Lah koh rika malah énak jogédan karo tembangan
Gidro
Presasat ngiwi-iwi
Crangas créngés manasi ati

Leh jen kerot
Inyong kudu kepriwé
Apa énggané ésih urung precaya
Apa kudu inyong nyilét daging njur getih mentah tek cucrup

Gathik
Tambah gregeten
Solah bawa tingkah lakuné rika
Marakna gemes

Kracak, 01102013

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Mayuh dikomentari luur..