Sing sapa wongé munggah maring Rahtawu, nanggap wayang neng gumuk kaé, wong mau jané agi nantang-weya. Nggayuh pageblug. Méh kabéh wong percaya. Anéhé, sengsaya sering ana pageblug malah dadi akéh wong sekang kota sing teka.

Ora dhuwur, mung watarané satus méter gumuk Rahtawu. Ngadeg-jejeg nantang langit neng éréng Gunung Muria sing katon angker. Ora mung medéni, ning nggegirisi kabéh pendaki sing liwat.

Sewulan kepengker Madinu ngudarasa bab katresnané. Diyah njlegedheg. Ora nyana arep secepet kuwé. Dudu sing sepisanan nampa unjal katresnan sekang wong Lanang. Mung ndilalahé gagal nalika nampa lamaran. Bedané karo wong lanang kiyé, tanpa pengidiné wong tua, bisa gawé édan. Diyah kepéngin Madinu ngucap katresnan sepisan maning.

Sing banjur Madinu nyanggupi lewih sekang sing dikarepna. “Aku arep nglamar sliramu, Diyah.”

Diyah esih njlegedheg antarané seneng lan maras. Ramané aja ngasi ngerti, sedurungé pageblug neng désané leren. Apa maning krungu niat Madinu nglamar. Diyah mésem acum madan mlingeh maring gumuk. Ana ara-ara amba, lemahé pating plethak, wernané coklat neng ngisor. Wangan pating plungker neng sisihé. Pendelengané mandheg neng unthukan watu rugrug.

“Angger Ramané ora setuju kepriwé?”
“Ya mengko tek jelasna,”
“Apa ugeman bisa dijelasna? Mbuh tah angger Mas kersa dadi golongané inyong,” Diyah ngomong lirih.

Wong loro sing nandang lara branta banjur padudon bab bidngah. Keloroné sing béda golongan mau, adu alesan tekan wengi. Ilate landhep, lewih lancip timbang pedhang. Pisan-pindho ana ésem sinis nggegirisi.

Nonoman loro mau kanca sekolah 10 taun kepungkur. Ning keyakinan bab nanggap wayang lan rencana nutup situs wis gawé crah. Sing setuju nutup situs méh menang padu. Madinu ngandheg padudon mungguh tentremé désa. Pinemuné sing madan maju bisa ditampa, senajan ora nana kesimpulan bab khilafiyah.

Kawit kuwé Diyah kesengsem. Kelingan Madinu nalika éling lan ngimpi. Bujang sing siki dadi mahasiswa lan manggon neng kota, tansah gawé lara branta. Saking kangené, Diyah tau ngasi kejlonjong ngirim pesen, “Mas naté nggatékna kedadian merga debat kaé? Mesjidé dadi sepi. Inyong priyatin, nonoman dadi adoh sekang mesjid,”

Ramané Diyah duwé jasa gedhé nalika mbangun mesjid. Dhéwéké juragan tambang watu lan kayu glondhongan. Ramané Diyah ora setuju ana pagelaran wayang. Padha karo paugerané wong désa ngkono. Ning nalika Ramané Diyah karep nutup situs petilasan déwa, warga mulai ngadohi. Ora trima nék petilasan déwa pewayangan sing neng Rahtawu ditutup. Plesiran tumrap Ramané Diyah mung ngundang wong kota, sing banjur ngritik usahané sing nglugrugi gumuk.

Petilasan mau diuri-uri ora mung nggo plesiran, ning uga dadi ugeman. Wayang wis suwé ilang, sepet dianggep dadi sebabé pageblug. Ning dongéng Mahabarata neng puncak gumuk ésih tetep urip. Petilasan kaé tetep diandel dadi dalan ageman lan ugeman. Ana Kiyai Semar, Klampis, Begawan Abiyasa, tumekané Gajahmada. Unggal malem Jemuah ramé wong nyekar lan dedonga mawa keluné kukus dupa sing mambu menyan.

“Warga ora setuju karo atosé Ramamu. Kepriwé carané inyong njelasna bab kiyé?” Madinu takon.

“Aja! Kuwé mung gawé ruwet awaké dhéwék. Ramané wis gela, Mas ngandheg debat wingi, senajan Inyong setuju,” ujaré Diyah.

Srengéngé surup alon. Angin semilir neng pucuk parijatha. Godhong sing kuning tua, cemanthél lembék, banjur rogol karo woh sing gedhéné sekopi. Woh sing dienténi kabéh wong meteng neng Rahtawu. Sawijining dina mengko Diyah bakal butuh kanggo jabang bayiné. Angger Rama-biyung restu. Wong sekukuban wanuh, bayi bagus kan ayu lair merga wohé.

Grimis sengsaya suwé sengsaya deres. Klambiné Diyah kejebur-kluncur. Diyah sidhakep, nutupi dhadhané sing nrawang. Mendhusul kaya gumuk kaé.

Madinu mlirik, ning gagiyan mlingeh. Gegeréwong loro thuk-thukan. Jané Madinu kepéngin nyikep Diyah kon madan anget. Ning swara sekang ndhuwur gumuk, ngandheg lamunané.

Udan banyu dadi udan watu. Krikil lan watu kricak nibani sikil. Pang garing padha ambrol kenang lisus. Wit gedhé dhungkar kemratak. Madinu nglarak tangané Diyah, mlayu sekentrang-kentrang mérek wit mbulu. Umpetan neng slempédan oyodé.

Lisus nggawa kabar ala. Mambu tllepong teles, Lamat keprungu kendhang lan keprak perang Mahabarata keprungu sekang puncak gumuk. “Sapa sing wani nanggap wayang neng ndhuwur? Krungu?” Madinu klorongan takon.

Dhéwéké arep ngudag ngoméhi para pendaki sekang kota. Ning Diyah banjur nyéréd Madinu. Sing akhiré wong loro mau keguling bareng maring lampengan. Tindih-tindihan.

Gemerung, kemratak, suarané wit dhungkar. Oyodé ranggah-ranggah. Kayuné nibani benda werna kuning. Backhoe telu duwéké Ramané Diyah keurugan wit lan watu.

Madinu banjur mikir. Jebul kiyé sing ndadekna pageblug. Dudu wayang sing dadi ora ilok ditanggap.

Madinu dadi mangmang karo kabéh sandiwara. Uga ragu karo tresnané Diyah. “Aja-aja méreki aku mung merga usahané ramané,” Madinu mikir ala. Ingatasé Madinu kepéngin katresnan agung sing dhuwur kaya gunung.

“Apa bener sliramu tresna karo aku?” Madinu takon. Diyah ora semaur, ning malah ngrangsang, ngrangkul Madinu kenceng. Kuwé wis cukup dadi jawaban.

Kémutan maning éngkel-éngkelan sing méh dadi padu wengi winginané. Apa sing diweruhi neng lampeng, mengkoné bakal dadi bahan padu sing lewih atos. Wis wektuné Madinu cekelan waton. Ning, kepriwé karo prawan sing agi ngrangkul kenceng kiyé?

Kampus wis ndadékna nonoman kiyé mikir kritis. Dhéwéké ora ngandel karo mitos sing nglarang nanggap wayang neng puncak Rahtawu. Uga ngrumat jejak déwa mawa ritual magis. Ning merga mikir keslametan desané, Madinu kudu nyisihna analisa logisé. Senajan mengkoné kudu adhep-adhepan karo Ramané Diyah.

Madinu wis nyusun rencana, kelebu angger kudu dadi Patih Mandanasraya sing nyulik Déwi Subadra, kaya déné crita nggegirisi neng Mahabarata. Meneng rapet nyimpen wadi. Kelebu maring Diyah, sing mbesuk bakal dadi Subadra.

Kudus, 23 Séptémber 2020

Hasan Aoni

Cerpénis nasional, aseli sekang Kudus

Mayuh dikomentari luur..