Wong urip angger mikiré mung sing ékonomi baé berarti uripé ya kelas ékonomi.

“Lah terus kon kepriwé? Wong arané kebutuhan urip kuwé akéh hora ana pedhoté, énggané kepéngin apa-apa kon nganggo godhong. Tangi turu bé mikiré duwit koh!”

Kiyé, kiyé sing kayongé uteké cindek laku uripé hora nganggo rasa.

Aja angél urip nang ndunya, delos baé ngalir kaya miliné banyu, pasrahna karo sing gawé urip babagan rezeki. Wong jelas ana koh apa baé wujudé, sing penting obah apa baé sing apik.

Emangé arané bombong kuwé deukur sekang nduwéni duwit akéh? Jal baé derasa nang sejroning ati.

Jor lah… dhéwék aja mikiri duwit baé, belih duwit kon sing mikiri dhéwék.

Urip nganggo rasa kuwé ora kabéh téyéng nglakoni. Apa maning sing dewarisna sekang kaki nini né dhéwék sing gentur tirakaté, udu madhangé.

Rejeki kuwé adoh péreké sekang omongan karo lakuné dhéwék.

Pokoké ora tiba nang awaké dhéwék ya nandur nggo turunané dhéwék.

Urip nganggo rasa kuwé sing derasa kudu wani perih tur kuwat atiné, kabéh mau ya sinau alon-alon tolih mengko ana bedané. Desawang baé nganthi jroné dada apa sing dirasa sejatiné pada.

Raga ati dhéwék tekané rempela, apa krasa jeroné, apa perih rasané ati, aja nyawang nganggo mata merga ésih téyéng mulasara.

Lara lan getun desawang baé nganthi meremé mata. Anané mung werna lan werni dadi sekang kersané sing nyata.

Urip nganggo rasa kuwé ngempani raga ya ngempani sukma.

Klilan..

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..