Ya, Inyong nggugat! Sing jéré simbolé wong panginyongan, apa sing agi padha dilakokna rika-rika kabéh. Jati diriku saiki lagi diinjak-injak.

Rika padha sing ngaku-ngaku warga panginyongan, sing jéré ndadikna inyong idolané, tulung dijémbréng kupingé.

Rungokna! Aja disumpel kapas atawa kapuk. Mén ngrungu petuah sejati sekang lambéku sing wis éwonan taun ora tau tek tokna. Saiki tek bukak nangarep rika kabéh sing pada penjorangan.

Inyong hora trima…!
Jéngkél merga siki mung dinggo formalitas neng logo utawa neng kaos
blaka. Kuwé baginé inyong ngina luar biasa. Bawor kuwé sejatiné simbol sing ana neng ati lan pikiran, ora mung dadi pajangan neng ndi-ndi papan.

Kyéh tek tidokna tek glogog sor thok melong baé, mbok rika pengin ngerti sifat-sifaté Bawor sing wis mulai ilang sekang masrakat:

Sabar lan nrima, apa anané neng uripé

Wong saiki, gegara béda pilihan calon RT bae ngasi padu karo tangga uga karo tunggalé dhéwék. Sifat sabaré lan nrimané nang ndi?

Sing jenenge kompetisi kuwe mesti ana sing kalah, ana sing menang.
Tergantung strategi lan siasat sing diterapaken. Kalah, ya nasib. Menang, ya bonus. Malah ana dalan ditembok mbarang. Apa kuwé sifaté Bawor? Sifaté wong panginyongan? Rika lah mededegi pol..

Nduwéni jiwa kesatria, rukun, seneng mbantu wong liya

Siki, wong pada égois mentingna kepentingané dhéwék-
dhéwék tok.

Umah digedék-gedékna, tanggané kencoten langka sing ngerti. Koléksi mobil segudang, tanggané mriyang arep degawa meng rumah sakit ora deselangi acan. Kesatriané nang ndi?

Cacutan, rajin lan cekatan

Bawor kuwe udu pemalas. Udu pengangguran. Nang kota-kota saiki, akéh wong lanang pada nganggur. Bojoné dijor dhéwéké anaké dejor diurus pangané, pendidikané. Penjorangan!

Géh rungokna. Cablaka kuwé lahir batiné terbuka, gole kemucap nganggo pertimbangan sing mateng, ning uga nganggo basa sing jelas, ora tédhéng aling-aling.

Cablaka kuwé udu ceplas-ceplos sembur nganah-sembur ngénéh. Gosip-nganah gosip ngénéh. Seneng ngélék-élékna wong liya. Kaya sing marak neng média sosial saiki.

Masa Alloh… Nyong nggrentes. Urusan kluarga diumbar nang dunia maya. Lanang wadon, pacar karo pacaré, majikan karo pembantuné, pejabat-karo pejabat liyané, pada padu nang jagat antah-brantah. Wis kaya kuwé, sifat sabaré langka.

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..