Lamon baé dhéwék kiyé takon apa gunané kepéngin ngerti pripené jagat. Apa pentingé sing arané ngilmu Titén.

Jenengé maca basané jagad, titén yakuwé marakna apik nang ndunya. Ningén ya kuwé, sekang sepira golé éling merga sekang kono wong téyéng nduwéni ati nang pikirané sejalan bén téyéng ati-ati nang urip.

Lewih akéh ngerti pripené jagad, sekang kono lair laku sing ngregani kabéh makhluk urip (seisiné jagad), titén dewaca sekang kedadian sekitaré, sedurungé, karo nang ngarepé.

Lah anu kepriwé kuwé? Apa kudu nang panggonan sing sepi nyenyet trus kudu sila sedakep meneng ndengak maring ndhuwur apa ndengkluk maring ngisor?

Jéré ana sing kaya kiyé, dhéwék kudu ngakuni nrima jenengé dhéwék denguda rasakna maring jagat.

Angger nang kéwan, ana kupu-kupu teka maring ngumah, ana kucing arep nyebrang maring ndalan lan seliya-liyané, kabéh kuwé dadi basa maca titén: “Anu arep ana apa?”

Tresna maring seisiné jagat mélu njagani ngimbangi anané ndunya kiyé. Ora jéré nglomboni awaké dhéwék, anané kearifan lokal sing ana ya dejaga deuri-uri. Kepriwé téyéng titén kuwé degawé sekang dhéwék, apa iya sing jéré gothak gathik gathuk kuwé.

Tekané ora janjian, ningén nganggo basa jagat ya nganggo rasa. Anané téyéng maca basa jagat kuwé kepriwé-priwéné dhéwék tatag apa ora nang sekitaré.

Titén kuwé nggatékna tandha-tandha sing ana, sing diwarisna sekang leluhur ngasi turun-temurun dadi local genius.

Akéh wong sing nganggep kebudayaan karo kepercayaan sing wis dadi tradisi leluhur wong-wong Jawa kuwé hora mlebu akal.

Kabéh menungsa delairna karo insting sing kuwat, mung baé menungsané cokan gubes sibuk golé piwé carané téyéng nang urip. Dadi kegawa kélu kesugihan ndunyané, dadiné nduwé insting ora keasah marakna ora landhep.

Carané kula, para leluhur, kaki nini danyang, leluhur nang ndi baé nggawé
babagan ngilmu sekang jagat kiyé ora nggo sing ora apik. Ningén ya mesti nggo keapikan, nggo kepentingané kabéh isi jagat raya karo menungsané.

Sekang kuwé menungsa bakal nyadari kabéh kuwé mau ciptaané sing gawé urip, supayané bebrayan agung saling ngregani karo njaga jagat raya.

Rahayu mulyaning jagat.

Klilan.

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..