Udané durung lérén kawit soré, hawané atis njekut tekan balung, nganti rasané pating trecep. Bawor uwis kawit bubar asar wis gisus milihi klambi neng lemari.

Bola bali dejajal neng ngarep pengilon sing temancep neng témbok. Lenga duyung sing anding wingi detuku neng toko Tingbao katon kalong separo. Ambuné nduleg nyebar sekamar nyesekaken ambegan, nganti nlesep liwat srisig pager pekarangan.

Pandom jam wis neng angka sanga wengi, bareng karo rampungé Bawor njajal klambi jasé ramané. Rainé ndungir ngarep pengilon ngerséki selilit beweh tilas nyoré kambi sambel tlénjéng. Deterusaken ngileng ileng pucuk sepatu sing wis klimis degosok semir. “Pancén inyong mandan bagus”, bathiné bawor ngalem awaké dhéwék.

Ora let suwé swarané pit montor gemerung méreki sentongé Bawor sing
lawangé ora dekunci. Bocah lanang wédon mudun sekan pit motor cacaéh ana enem méreki setongé Bawor.

Lawang sing mandan mlongo ngadepaken dalan lurung deleboni bocah pirang pirang. Kambi pada rangkulan, bocahan pada maméraken dandanan modéren, kaya wong pada agep perlon neng ndésa. Ambuné wangi ora béda kaya ambuné Bawor, sing wis keton parlénté nyekeli hapé blékbéri utangan.

Pancén nék malem Minggu neng ndésa kukuban Baturradén wis akéh nonoman pada dandan. Nék detakoni wong, jéré agep pada ”ngedit”, nirokena istilah sing ana neng sinetron.

Paling asyik nék ”ngedit” neng diskoték jéré Dawen kancané Bawor. Amarga Dawen wis suwé ndandéng neng Jakarta dadi pegawé salon. Jéréné maning nék neng kana bisa lewih seneng, apa maning nék téyéng gédég-gédég kambi detabuih.

Bawor sing égin muda teruna kaya batiré sing pada ngampiri, pancén agi
brancah brancaéh neng babakan hiburan. Saumurané Bawor karo batiré isih agi nggolét jati diri, utawa ”over kompénsasi” jéréné wong pinter. Seumuran kuwé uga agi seneng njajal résiko, lan ajar kendel. upamané wani ngglanggar aturan, jéré dadi ora pacé.

Bosan wis katon pada siap, Karso kancané Bawor awéh kode, kon bocahan
pada pangkat. Pit motor swarané gemerung detumpaki ndilir ngliwati lurung maring gili gedé. Pencorongé lampu pit motor liyané katon pating sliwer kemerlip sekiwa tengené rombongané Bawor ndilir ngidul maring Purwokerto.

Rombongané Bawor mandeg neng sekiwané plawangan mlebu maring sewijiné diskoték neng Purwokerto. Wong wis jejel riel neng ngarep lokét. Bocah lanang wédon klambiné pada maén, pating kerlip nganggo aksésori larang.

Bawor sing tembéké tau maring diskoték, keton ndomblong ndelengi klambiné wong wédon-wédon sing ora genep. Akéh sing nganggo klambi model mini, téngtop, katok pinsil, strit. Akéh pisan modélé klambi, sing agi mbéké kuwé Bawor ngerti.

Matané Bawor mbendelo kaya kenong ora kedép, bosan weruh ana bocah
wédon sing payudarané mlenté separo. Maniké munggah medun kaya agi mangan jenang pliket. Nganti ujug-ujug wetengé desikut Dawen, karo dekrisiki ”Aja ndésani si ngapa”. Amarga kagét campur celilian, Bawor agé-agé mlebu plawangan déskoték.

Neng njero déskoték jebulé peteng ndedet kemebul baté kebul rokok muleg.
Lampuné ora ajeg, jeprat-jepret kaya blit kaméra batiné Bawor. Batiré Bawor liyané agéagé nggelét nggon dhéwék-dhéwék karo pasangané, pesen inuman. Sawisé kuwé terus pada jogédan neng ngisor lampu byar pet pating kruwel karo dayoh liyané.

Tengah wengi Karso sing mandan bélér baté kakéyen nginum wédang galak, aséng batiré kon pada bali. Bawor uga setengah bélér amarga nginumé semending, amarga ora biasa karo ambuné inuman sing kaya bénsin.

Siji-siji batiré dejawili kon gagéyan menyat. Klambi sing mau nécis klimis, siki wis kérad-kérod kaya lap pél, baté dekuwes kuwes dong pada jogédan. Jané tah égin betah tur seneng, tapi kudu bali mbok kemenungsan kanca batir sekolaéh, dadi Bawor manut baén de séng bali.

Tapa Maruta

Lair taun 1966 neng Banyumas, siki dadi Kahumas Pemkab Banyumas.

Komentaré wong-wong

  1. Kaya sing teng tonton Nang tivi, marekna ngguyu tapi ya ngelus dada. Masa remaja…kuwe nuntun dalan urip arep bener apa kliru merga ngetutna batir.
    Alhamdulillah masa kuwe wis Tek lewati..
    Siki mayuh pada gawe kebejikan kanggo sangu mati, arep diomong kuno, udik ya ngonoh mangga kersa
    Klilan

    Reply

Mayuh dikomentari luur..