Omongan “sajén” mestiné udu omongan sing ora umum nggo awaké dhéwék wong Jawa. Apa maning nggo kalangan wong-wong sing ésih ngugemi adat Jawa, sing ésih nganggoni pituturé wong tuwa.

Contoné, syukuran tandur ya nganggo sajén, syukuran panén ya nganggo sajén, syukuran njaluk udan ya nganggo sajén, lan ésih akéh conto-conto liyané.

Ningén tulisan kiyé udu arep mbahas babagan sing neng nduwur tek sebut. Omongan sajén kiyé sambungan karo babagan wong-wong sing seneng sowan. Ya sowan neng kuburan, sowan neng petilasan, sowan ming situs, uga sowan maring panggonan sing jéré dikeramatna.

Neng kéné uga udu lagi ngomong soal apa isi sajén-sajéné, utawa sajén-sajén kuwé ngemu filosofi apa baé. Ningen poin utama sing kepéngin deangkat neng tulisan kiyé yakuwé lewih maring arah “kesadaran” utawa “rasa élingé” wong-wong sing sowan. Utama né wong sing nggawa sajén mau.

Siki kaya kiyé..

Wong-wong sing padha sowan nggawani sajén kaé tau mikir apa ora “nasib” sajén sing degawa seuwisé 3 dina, 5 dina, 7 dina, sewulan, uga seterusé?

Apa malah ora kepikiran acan?
Apa padha mikiré idep-idep nggawa tok?
Banjur ora preduli mengko né sajén sing digawa kuwé dadi apa?

Jajal depikir sih. Kira-kira sajén sing digawa angger wis suwé mestiné mbok dadi bosok? Ya mambu kecut, ora jarang ngasi mambu bacin, pokoké ora énak lah mambuné.

Ora mung kaya kuwé, biasané sajén sing wis suwé malah dadi akéh semut é, banjur ora setitik sing malah dadi akéh blatungé. Dadi nék digawé kesimpulan, sajén kuwé malah marakna tempat sowan dadi kotor.

Nah balik maning ming pitakonan mau…

“Wong sing sowan nggawa sajén kepikiran butul ngonoh apa ora?”

Inyong sih ndongané moga-moga wis pada kepikiran butul ngonoh. Ewandéné jan-jané inyong ora yakin, héhé..

Mulané siki kaya kiyé baé lah…

Jajal mayuh mulai debukak mripaté, debukak pikiran karo atiné bén metu sisi “kesadarané”, juga “rasa élingé” awaké dhéwék.

Sajén kuwé apik, malah bisa disebut apik pisan, apa maning nék ndeleng arti sekang sajén kuwé. Tapi aja dikelaléna sisi “nasib” sajén kuwé, apa maning nék ngasi dina-dina an dijorna baé.

Aja ngasi sajén sing sebeneré apik malah dadi ora apik merga nggawé kotor tempat sowan an sing awaké dhéwék sowani.

Jajal bisa apa ora awaké dhéwék mulai mikir soal kiyé. Mulai mikir solusiné kepriwé bén sekabehané tetep mlaku kabéh.

Nék inyong ditakoni kira-kira duwé solusi apa ora? Inyong ya njawab duwé. Ewandéné solusi sing paling apik jané ya padha sadar.

Dadi angger pendapaté inyong sih kaya kiyé:

  1. Jajal kanca-kanca sing sowan nggawa sajén, seuwisé 3 dina, 5 dina utawa seminggu teka maning maring tempat sing nggo sowan kuwé terus resik-resik.
  2. Angger ora ya pas sowan, seliyané nggawa sajén jajal nggawa sapu. Mangsudé digawé awaké dhéwék ora mbersihna, ningén awaké dhéwék nggawa sapu bén wong sing sowan seuwise dhéwék bisa resik-resik. Masa bisa tuku sajén, ora bisa tuku sapu, kan lucu..
  3. Angger ora sing nomer 1 apa nomer 2 ya jajal ngewéi setitik rejeki nggo juru kunci. Juru kunci kuwé mengkoné sing ngurusi babagan keresikan tempat sowan kuwé.

Kayane 3 poin neng ndhuwur bisa nggo pilihan solusi soal nasib sajén sing ora kepikir neng wong sing nggawa. Bén dadi:

  • Sowan tetep jalan
  • Sajén tetep di gawa

Endah pisan mbok? héhé..

Salam budaya
Klilan..

Avatar photo

Aktifis gerakan Siji Pesaréan Rong Sapu. Arsip klinthungé bisa detiliki neng grup Facebook "Tempat Ziarah dan Situs di Banyumas".

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..