Inyong arep naséhati awaké dhéwék. Merga biasané angger dinaséhati wong liya cokan ora degoplé. Mlebu kuping kiwé, metu kuping tengen. Alias embuh.

Ésuk jégang methengklis, nyandhing kopi secangkir, karo pincukan loro. Niaté tah siji éwang, ning gandhéng langka sing mbatiri dadi diplok dhéwék. Wareg.

Kopiné arabica kirimané Kang Diky Pamanahrasa csku, pincukan loro telungéwu. Bungah ora prelu larang. Ayem ora kudu sugih bandha. Ning aja detiru sing kaya inyong. Merga inyong wong ndableg.

Purwokerto labuh panas, merga kakéhan umah, wit-witan lan sawahé entong. Gerah atiné weruh pating sliwer mobil apik-apik. Umob matané weruh tangga pating klayab neng mall. Umob uteké merga mikir tanggal 20. Bunek, rungseb, mules, campur-bawur dadi siji.

Ésuk-ésuk mangan gethuk,
Gethuk téla sokaraja,
Trima inyong keblusuk-blusuk,
Nggolét randa sing gelem urip semadya

Oalah.. Wong gemblung. Ayawéné apa nggané ana wong sing gelem urip semadya? Sugih kémutan sing mlarat. Séhat tulung maring sing lara. Begya élinga cilaka. Ayua siki mbésuk kisut. Sektia rika bakal mati. Mulané jajal urip sing semadya.

Mangsan udan ning banyuné bening
Banyu bening nggo ngingu wader
Jaman édan mendhing tetep éling
Éling maring kabéh wewaler

Aja bras-bres. Duméh agi kewasa, jéré ora wadhas ora wungkal, asal ora nyengkal neng telak ya halal. Ora beton, semén, lan aspal kabéh deuntal.. Rika aja kaya kué ya..

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..