Désa Dermaji kelebu salah sijining désa nang tlatah Kabupatén Banyumas sing lokasiné ana nang ujung paling kulon. Mlebuné Kecamatan Lumbir, berbatasan karo wilayah Kecamatan Gumelar lan Kabupatén Cilacap.

Désa Dermaji duwé museum sing dijenengi Museum Naladipa. Aran mau wujud ngormati lurah pertama nang Désa Dermaji, Ki Naladipa.

Isiné grabah lan perabot umah, sing tau dienggo saben dina neng masyarakat Dermaji gemiyén. Siki akéh sing wis ora ana. Alat tanen wujud garu, wluku, ani-ani, traju lan liya-liyané. Perkakas pedangan lan umah wujud gogok, pedaringan, pané, dandang, lan sapituruté.

Neng Kana uga ana foto-foto Dermaji jaman gemiyen, duit kuna, radio kuna, mesin ketik, lan ésih akéh maning.

Tekan siki, koléksi barang museum ana sekitar 80-an punjul. Barang-barang kuwé mau asalé sekang masyarakat Dermaji, sing disumbangna kanggo koléksi museum.

Museum Naladipa digawé Pemerintah Désa Dermaji, supaya generasi siki utawa “generasi jaman now” bisa ngerténi pirang-pirang budaya lan tradisi masyarakat Dermaji jaman gemiyén. Anané museum uga bisa nggo srana generasi penerus sinau sejarah désa lan ngenali pirang-pirang kearifan lokal sing ana.

Kanggo nggampangaken pengunjung ngenali barang-barang koléksi museum, nang barang-barang koléksi kuwé ditempel qr-code.

Niliki Museum Naladipa Museum Désa Dermaji

Nalika pengunjung kepéngin ngerti salah sijining barang mau, pengunjung bisa “scanning” qr-code né. Sekang kono otomatis langsung nyambung informasiné nang website désa, yakuwé www.dermaji.desa.id.

Museum Naladipa diresmikena Wakil Bupati Banyumas nalika semana Budi Setiawan, pas dina Senén Pahing, 17 Juni 2013. Peresmiané mawa sugatan sing dijuduli “Féstival Pusaka Désa”.

Museum Naladipa lokasiné neng lantai loro kantor Désa Dermaji. Buka saben dina kerja, Senén tekan Jemuah, mulai jam 08.00 ngasi 15.00.

Vidéo Museum Naladipa uga bisa dideleng nang kéné https://youtu.be/bx9Ah2kUsmg

Bayu Setyo Nugroho

Lurahé Désa Dermaji, Kecamatan Lumbir Banyumas

Mayuh dikomentari luur..