Ésuk-ésuk ana ontran-ontran sekang mémbran tajugé Kaki Sikun. Jéré kabéh warga khususé neng RT 1 RW 1 kon padha resék-resék lingkungan kanggo nyambut pitulasan. Kejaba kuwé jéré kebersihan sebagian sekang iman. Tur lingkungan sing bersih, ora nana suket sing rengked apa maning runtah plastik mestiné sedep dedeleng, tur séhat.

Kaki San Ngarip katon semangat banget, senajan umuré wis akéh. Neng lingkungané dhéwéké pancén dadi sejarawan kampung. Angger pas dhong malem tirakatan sing deanakna malem pitulasan, Kaki San Ngarip dekon nyritakna babagan sejarah perjuangan sedurungé Indonesia merdéka nganti tekan perang kemerdékaan.

“Rika jan kayong ésih keying yoh, Ki. Mbangkan inyong sing umuré sengisoré rika baé kiyé angger tongkrong kesuwén béyékané mbangkreng,” ujaré Man Sarip sing mélu ndhodok neng jéjéré Kaki San Ngarip sing agi ngeruki suket neng pinggir dalan.

“Ya kiyé alkhamdulillah ésih deparingi kebungahan neng Gusti Allah,” Kaki San Ngarip semaur, tangané dikut nglebok-nglebokna suket sing wis dekeruki aring cikrak.

Ana rong jaman resék-resék lingkungan rampung. Pinggiran dalan ya wis deparemi nganggo kapur kon supayané katon tambah mlowés, ayu kaya prawan sing tes adus njuran pupuran. Umbul-umbul uga wis detanjebna neng sedawané dalan lingkungan RT 1.

“Sedulur… angger kaya kiyé unggal dina tah yoh katon nyenengi, ora sepet neng mripat. Enggané resék-resék koh ngenteni arep ana acara thok, jiss,” Mas Ahmad sing dadi Ketua RT ngomong neng ngarepé para warga.

Pancen bener, angger ndeleng pekarangan, lingkungan sing resik neng bathuk uga krasané plong ora sumpeg.

Nggo ngapa sih sering deanakna penyuluhan babagan kebersihan lingkungan angger mung dadi acara sing mlebu kuping tengen metu maning neng kuping kiwa.

Melasi sing dadi penyuluhé, olih ngomong nganti ngumpruk ningen ora detandhangi.

***

Lampu kelap-kelip warna-warni pating kerlob neng dalan, katon semanger kaya neng kota gedhé. Ana sing degawé kaya gambar manuk, kupu, wayang, kembang lan ana sing mung detémpélna neng pring mlengkung.

“Jaman cilikané inyong durung ana kaya kuwé, paling mung damar kurung. Kuwé baé nggo wong sing mandan sugih,” Kaki San Ngarip mbukaki dopokan.

Wengi kuwé ana wong papat agi jublegan neng dalemé Pak RT. Bar ngisya wong telu Kang Yanto, Sukur karo Tarko ora bali ngumah dhipit tapi langsung aring goné érténé. Soalé wengi kuwe ana poma-pami ngrembug apa baé acara sing arep deanakna nggo meriahna acara pitulasan.

Urip neng alam sing wis merdéka ora jéré kon léha-léha ora nyambut gawé, ora ndhuwéni kréativitas sing membangun. Mbangkan jaman ganu, mbuh kaya ngapa susahé para pejuwang perang nglawan penjajah, nganti ora wedi  toh pati.

Kayané jaman semono ora nana bocah nom-noman sing isine mung jégang, jagongan, karo tangané uthak-uthik hapé. Ora kaya sekiyé, dolanan hapé nganti ngoyod. Tangi turu ésuk nganti tekan arep turu maning. Ya karuan sih jéré jamané wis merdéka, dadi bébas arep polah apa baé.

Angger detakoni oléhé semaur pinter “Sing penting ora ngrugékna maring wong liya.”  Pancén bocah-bocah sekiyé padha téyéngan oléhé semaur.

Assalamungalaikum warahmatullahi wabarakatuh… seduluur… kesuwun nggih wis kersa rawuh neng gubugé kula niki,”Pak RT mbukaki acara wengi kuwé.

Wangalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuuuh,” kayong kompak jawabané.

“Wengi kiyé insya Allah acarané ngrembug babagan rencana kegiyatan nggo ngramékna pitulasan. Iloken awaké dhéwék ora melu nyengkuyung kemerdékaan? Kader ora dekon mudhun mélu perang, ya paling ora mélu bersyukur urip neng negara sing wis merdéka, nggih napa nggih?” Pak RT ngomong maning mbari mbok ana wargané sing nduwéni ide arep nganakna acara apa.

Wong-wong padha pandeng-pandengan karo jangguté dedhengal-dhengalna. Antarané limang menitan amleng ora nana sing usul sijia. Kukus sekang wong sing padha udud gawé ublek. Pak RT njuran ngomong maning.

“Wis angger kaya kuwé, kepriwé angger ngésuk neng lingkungané dhéwék salah sijiné nganakna lomba maca geguritan kanggo bocah-bocah cilik. Kepriwé? Padha setuju ora?”

Pertakonané Pak RT Ahmad langsung desemauri kanti kompak “Setujuuuu…” ana uga sing njawabé mandan sléntha “Setuja sekaliii.” Jebulé Kang Mahmudi sing wongé biasa cokan mbrahol, semblothongan.

“Jajal sapa maning sing dhuwé usul lomba apa maning? Sing unik, sing durung tau deanakna tapiné ragadé ora gedhé.”

“Kula usul, Pak Rété…,” Mas Toro sing dadi sékretaris RT ngaung karo tangan kiwané nyekeli microphone.

“Kados pundhi menawi dewontenaken lomba nggambar mawon. Mangké kula mados sponsor kanggé penyediaan alat-alat gambar lan hadiahé.”

Krungu usulané Mas Toro, Pak Ahmad manggut-manggut.

“Ya…ya.. bisa kuwé, maén koh. Lah lomba nggo sing tua-tua priwé kiyé?”

“Sing tua cukup dadi pendamping, ngawat-awati baé. Sing penting bocah-bocah deutamakna, kon padha nduwéni kréatifitas, aja uplek dolanan hapé baé.”

Poma-pami malem Kemis wagé akhiré padha sepakat arep nganakna lomba geguritan karo lomba nggambar sing dekhususnya nggo bocahan baén. Wengi kuwé uga langsung debentuk panitia lomba pitulasan.

“Nah… sedulur, sekiyé apa sing dadi unek-unek awaké dhéwék wis mbabar, wis ora nana maning grundelan ya. Kiyé lomba dudu lomba nggo saing-saingan, dudu nggo gawé crah kanca batir, ningen lomba kiyé nggo mélu ngramékna hari kemerdékaan bangsa Indonesia. Mula, angger mengko ana sing kalah aja kesuh, lan kanggoné sing menang ya aja gemedhé.”

“Enggiiih, Pak RT,” semauré wong-wong kompak.

“Sepisan maning, inyong weling maring njenengan padha, dadiné deanakna lomba geguritan karo nggambar kuwé kon supayane bocah-bocah, anaké dhéwék padha lewih nguri-uri, lewih paham, lewih seneng maring kabudhayan daérah lan negarané dhéwék.”

“Enggiiih panci leres niku sanés panci borot,” Mas Toro oléhésemaur nirokna basané Éyang Nardi, guruné sekang Pabuaran.

***

Kemis soré tanggal 15 Agustus, neng pekarangan kosong kulon tajug Al-Barakah, wis akéh wong padha rubungan. Wong-wong arep padha nonton lomba bocahan maca geguritan. Sing nonton ora mung sekang warga RT 1 thok, sekang njaban RT malah ana sing njaban ndésa, kayadéné Kang Wanto Tirta sing kondang dadi Persidén Geguritan Banyumas mélu dadi juri lombané.

“Kesuwun banget kiyé inyong deundang maring désa Tumiyang malah kon dadi juriné mbarang. Pancén kudu kawit cilik anaké dhéwék padha dekenalna karo kabudhayan daérah sing adiluhung, salah sijiné ya geguritan Banyumasan kiyé.”

Cut siji, bocah-bocah genténan maca geguritan Banyumasan. Isiné ana sing merguyokna ningén nggawa pepéling sing jero. Kejaba dadi kesenian, geguritan uga bisa dadi srana pendidikan. Acara nyambut pitulasan katon semanger, katon guyub rukun. Muga kaya kiyé selawasé bén supaya negarané dhéwék aman tentrem.

Tumiyang-Pekuncén, Banyumas, 21 Novémber 2019

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Mayuh dikomentari luur..