Wingi soré nalika nembé baé tekan warung goréngan, inyong desambut karo pemandangan sing éndah pisan: bakul goréngan karo pembeliné sing lagi pecucuan.

Sewisé ulih kursi, njagong grok, banjur inyong mélu nonton. Kepeksa, merga duwé prelu arep tuku mendoan.

Madan suwééé inyong golé nggatékna, karo mikir: kiyé téma pecucuané babagan apa? Sisan mbedék neng ati, kira-kira ndi jané sing salah?

Ning barang suwé-suwé tek rungokna, owalaahh.. jebul prasangkané inyong keliru. Wong loro mau pecucuan dudu merga prekara rebutan bener, nyalahna siji lan sijine. Ning wong loro mau, bakul goréngan karo pembeliné, padha padu merga kepéngin rebutan awéh.

Dadi critané kaya kiyé…

Nalika ngenténi pesenan gorengané dadi, Si Pembeli weruh ana kecap sachét neng méja. Banjur ditembung arep dituku merga dhéwéké butuh. Diiyani neng bakulé.

Ning nalika arep mbayar, bakul gorengané ngomong kécapé ora usah diétung. Kon degawa baé. Merga kuwé dudu barang dagangan, uga merga dhéwéké tési nduwé akéh neng pedangan. Krungu kaya kuwé, Si Pembeli ora gelem akhiré kedadian gégéran kuwé mau.

“Rika ora nganggep nyong sedulur apa?! Kécap semono thok bé ndadak njaluk diétung! Wis degawa bali baé nganah! Looss!”

“Aja kaya kuwé Yu, ngésuk nyong bebeh tuku ngénéh maning lho! Pokoké kiyé nyong mbayar!”

Eyél-éyélan monoton kaya kuwé dibaléni bola bali bola ngasi inyong karo pembeli liyané mblenger. Ning mung trima mésam-mésem, ra wani menggak. Merga kémutan ana pengéling “Emak-emak bersatu mecucu tak bisa dikalahkan..”

Sewisé rampungan tuku mendoan neng ndalan bali inyong dadi mikir, jajal nék kabéh wong paduné kaya kuwé. Maén pisan kayané ya? Rebutan awéh, dudu rebutan ulih. Rebutan salah, dudu rebutan bener.

Ya kaya saben bada kaé lah, padha rebutan salah ngasi mingseg-mingseg gole tangisan. Ning kuwé ya tésih mending, senajan mung setaun sepisan.

Owalahh bu, bu.. Tek dongakna, mugi kécap sachétané rika mbésuk dadi lantarané Gusti Pengéran maringi panjenengan suwarga..

Arif Wachyudin

Pengangguran sing senenge dolanan laptop karo utak-utik program

Mayuh dikomentari luur..