Hawa neng dhésa igir Gunung Slamet igar kidul pancén ésih mandhan adhem tur sejuk sing cokan marakna wetengé kencot. Dhasar ora neng dhésa ora neng kutha, angger ésuk pancén kudu dedhasari sarapan dipit kon supayané duwé énergi utawa kekuwatan kanggo nyambut gawé.

Miturut para ahli keséhatan, sarapan pagi ngemu manpangat kayadéné weteng sing deisi panganan bisa nggo nétralisir asam lambung sing cokan marakna prenyakit maag angot.

Kejaba kuwé bisa ningkatna kemampuan kognitif  utek, uga bisa gawé awak ora gampang kenang prenyakit, lan manpangat liyané sing angger dejléntréhna neng kéné bisa ndaler-ndaler akéh banget.

Panganan sing nggo sarapan sih apa baé? Jan-jané ya ora kemudu deiséni sega, ningén bisa uga roti tawar karo mertéga apa soklat, budin godhog, kentang lan panganan sing ana kandungan karbohidraté.

Nah, kiyé kanggo sedulur, kanca batir sing pas agi dolan maring dhésa Tumiyang angger ésuk-ésuk nggoléti panganan utawa lawuhan ora prelu bingung-bingung. Senajan anu tlatahé adoh sekang kutha, neng kéné ana warungan sing adol werna-werna lawuhan.

Ora prelu wedi mbok dhuwité ora cukup. Menawa rika padha kur nggawa dhuwit limangéwu pérak baé wis bisa olih lawuh sawernané.

Mburu baé maring warung lawuhé Bu Timah sing ana neng selor balé dhésa Tumiyang utawa lor Mesjid Al-Barokah, Tumiyang RT 01 RW 1, Kecamatan Pekuncén Kabupatén Banyumas.

Neng warungé Bu Timah sing bukak kawit jam 5 ésuk nganti tekan jam 10 awan, adol sawernané lawuhan mateng. Sekang bergedél kentang, oséng buncis, buntil, ayam goréng srundéng, opor ayam, gethuk, lemét, pépés peda, rujak mateng/mentah lan lawuh liya titipané tanggané.

Gari milih, gari cung baé endi sing dekepéngini.

Aja wedi ora téyéng mbayar, wong upamané rika kur nggawa dhuwit rongéwu pérak baé wis bisa nggo tuku jangan bening karo oséng-oséng. Wah, murahé poor mbokan? Jangan bening baé égin bisa detuku rega séwu pérak.

Malahan, sekiyé neng warungé Bu Timah ana menu anyar maning yakuwé panganan khasé wong Jakarta, nasi uduk utawa wong kéné olih ngarani sega uduk. Angger sega uduk sih regané pira? Lewih larang ya, kan sekang Jakarta?

Maning-maning ora prelu kuwatir karo sing arané rega, wis pokoké neng warungé Bu Timah regané ora marakna dompété jebol.

Angger upamané rika kepéngin tuku lan ngrasakna sega uduk sing gurih, maregi, tur bergizi; apa maning tuku limangéwu, lah upamané ana sing mung tuku rongéwu pérak baé bisa delayani.

Isén lawuhé ya padha baé, ana sewiran ndhog dadar, jangan bihun, oreg témpé, lan krupuk jéngkol.

Mula, kanggo ibu-ibu sing agi mandan bebeh, awang-awangen masak nggo bapaké utawa anaké, bisa mburu nggawa dhuwit limolas éwu baé wis bisa nggo tuku ayam goreng, karo lawuh liyane sing dekepéngini.

Kejaba regané murah, rasané ya ora gawé kuciwa, pokoké pas karo ilaté inyong rika padha.

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..