Kur Ketukkk kurrr kurrrr (perkututé moni). Kayongé nék detulis kaya kuwé lah ya.

Mlebu wengi maring ésuk, éh wis jam loro hurung téyéng merem. Ujug ujug baé drijiné ngomong karo ati.

“Ti, ati.. Géh daripada hora urip, mbok ya degawa urip bén murub.

“Héh ji, driji.. Rika loh ngerti baén sing tek karepna, takon sih karo kuping sing ngrungokna manuk mau.”

Driji semaur, “Kuwé sih iya.”

Ora let suwe ujug-ujug ana suwara mandan lirihan.

“Kula nuwun…”

Ati karo driji semaur “Mangga, sinten nggih?”

“Kula awak sing seduluran karo rika-rika padha.”

“Oh nggih pripun? Wonten napa, wak?

Awak semaur, “Apa-apa ana pokoké kaya pasar. Gari rika-rikané \pingin apa? Wong kula niki lagi laku. Alon ngenténi sapa, banter ya ngudak sapa? Kula pingin gendu gendu rasa bén lewih pérek karo rika ya, driji karo ati. Kayong wis klalén suwe ora desambat..”

Waca Liyane:  Rice Cooker

Driji karo ati cekikikan bareng.

Driji takon : “Priben sih, wak? Ora énténg ya? Kayong abot lagi tek deleng – deleng?”

“Angél wis angél”

“Husss aja kaya kuwé, wak. Ora ana barang angél. Kabéh kuwé gampang. Mau bé wis ngomong pokoké ana, kaya pasar apa-apa ana. Pribén jané?”

“Héhéhé iya yah ngantuk koh dadi madan klalén. Sepurané ya, ti.”

“Hmmm ngrasani inyong yah?” Ujug-ujug mripat semaur. Driji karo ati ngguyu geget pisan.

“Ujarku ya wong lagi tirakat melék gutul srengéngéne nglogok malah derasani tiyer”

“Sepurané pat, mripat. Hora papa mbok dadi rika malah mélu gendu rasa, kiye sisan tirakatan.”

Mripat semaur “Kuwé sih iya. Ya wis mangga kula tek nyimak mawon karo ndeleng njaba sing peteng dadi padhang.

“Ti, ati, Kepriwé kiyé angger alon karo banter mau kaé ya?”

“Wak awak rungokna. Debencét kupingé sing akéh gobogé ben plong.

Driji nimpali… “Ngko kupingé semaur dadi ora sida diwedar babagan alon banteré.”

Waca Liyane:  Mbako

Ati… “xixixi bén kon urip kupingé, ora mung ngrungokna thok”

“Ehm ehm ehmmm,” kuping semaur. “Nyimak baé lah padha karo mripat
driji..ya mbok derasani nongol hahaha. Lanjut lah ti golé njémbréng, kula tek nyateti”

“Dadi kaya kiyé yah babagan alon ngenténi sapa banter ya ngudak sapa…”

Ati molaih njelasna.

“Lakuné urip kuwé mbok ya aja gemrungsung. Sing aso baé tur titén karo kedadén sing ana.”

“Aja cok klalén karo kabéh sing ana nang awak. Wong kadang ora cocog ya aja nglarang, mung cukup ngerti baé dadi ora srambah uyah, dadi ora selaras. Alon ngenténi sapa kuwé ya sabar, ningén uga sadar.”

“Gang sadar apa, ti?” Ujug-ujug cangkem nyemlong.

“Oalah wis mbatin. Mesti rika ya kem.. kaya kuwé hahaha. Nah kaya kuwé ana swarané aja mung nyimak thok.”

“Sabar karo sadar nang laku ora bras bres kudu depikir disit. Deselarasna karo ati bén lewih urip. Ngrasakna arané sepira iklasé rika uga perjuangané rika.”

Waca Liyane:  Pitulasan

“Banter ngudak sapa ya jané pada baé unda undi mangsudé. Mung lewih deélingna, ora gemrungsung banget ben olih deubengi énergi sing positip”.

Laku kuwé ora angél, sing gawé angél kuwé awaké dhéwék.”

“Mung ya nék ana sing ndongakna sing apik-apik aja klalén golé semaur sing apik juga bén jagat raya kiyé ngréspon apik.

“Alon banter mau ya kudu téyéng maca kedadéyané. Carané anteng meneng nylarasna kabéh sing ana nang njero awaké rika, wak. Tur sedermané baé aja ngarep kasilé apa. Saben wektu malah apik golé gendu rasané, wong sing ngerti ya rika dhéwék ikih.”

“Oh kaya kuwé ya ti, kesuwun ya sedurungé muga dadi murub. Muga akéh berkaéh nggo rika rika pada sing huwis nguda rasa..”

Klilan

Rahayu