Komunitas Banyumas Bergerak (BARAK) nganakna kegiatan rutin Pitulikuran neng Balé Rakyat, Karang Klésem, Kemis (27/8). Acara kuwé isiné ndopok babagan Sejarah Banyumas.

Acara sing dirawuhi lintas generasi, sekitar 20 wong akéhé kuwe pancén anget lan buket. Sejarawan Banyumas, Prof Sugeng Priyadi sing dadi sumber dopokan, ngulik sejarah Banyumas sing urung akeh disebarna. Ora mung Prof Sugeng, wartawan senior Rangga Sujali, budayawan Mbah Hadi Wijaya uga rawuh temu-kangen karo anak-putuné.

“Acara kiyé dianakna nggo tujuan, bén dewek ngerti asal, mesti dewek paham kudu mlaku ming ndi ngarepe.” Jéré Wasis, sing nuntun dopokan wengi kuwé.

Kegiatan dilakukna nggo kepentingan kawruh, jéré Wasis, terutama bocah-bocah enom bén ngerti leluhuré, supaya padhang arah melangkah masa depané.

“Harapané, kegiatan kiyé dadi wadah, utawané titik temu, sing sepuh karo wong enom dopokan babagan Sejarah Banyumas, nggo nguri-uri kabudayan Banyumas,” angen-angené Wasis.

Sinau Sejarah Banyumas

Prof Sugeng ngendika, sinau kiyé ngulas kurang lewihé 65 babad neng lemah Banyumas. “Inyong wis neliti puluhan tahun apa baé neng Banyumas kiyé,” ngendikané Prof Sugeng.

Uga wis akéh penemuan, jéré Prof Sugeng, neng juguran Sinau Sejarah Banyumas mbahas apa baé sing urung akéh wong ngerti. “Akéh sejarah sing urung akéh wong ngerti, wengi kuwé dibukak lan diceritakna. Syukurlah sedulur-sedulur sing teka bisa olih kawruh anyar sejarah neng tlatah Banyumas, rencanané arep ana kegiatan Sinau Sejarah Banyumas maning tapi urung nemu wektu sing pas,” ngendikané.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..