Bocah enom sing seneng nguri-uri budaya khususé babagan nggawéni wayang arané Agus Priyanto. Nalika tulisan kiyé dimuat, umuré Agus sekitar pitulikur taun. Dhéwéké asalé sekang Désa Banteran, Kecamatan Sumbang.

Kawit cilik Agus wis tresna karo wujudé wayang, kawitmula dhéwéké nggawéni wayang sekang kertas biasa banjur dewernani.

Golé nggawéni wayang dhéwéké ora pilih- pilih, pokoké kabéh tokoh disenengi. Ora mung seneng nggawéni wayang, dhéwéké uga seneng pisan angger nonton pagelaran wayang.

Nang taun 2012 Agus molai njajal nggawéni wayang sing lewih serius maning, yakuwé nganggo bahan kulit. Bahané sekang kulit kebo utawa kulit sapi. Kuwé ditekuni terus tekan sepréné.

Mituruté Agus nggawé wayang butuh ati sing bombong lan pikiran sing tenang, kiyé kaitané karo kasil garapané sing pancén kudu ndilek lan telatén pisan.

Kadang-kadang Agus uga mélu ginau nambah ilmu gawéni wayang kulit maring wong sing wis lewih mumpuni, mergané Agus ngakuni dhéwéké ginau gawe wayang full otodidak alias njajal-njajal dhéwék.

Sing menarik pisan yakuwé angger nggawéni wayang dhéwéké blas hora tau mikir payu utawa orané, sing penting bombong. Nék ana sing pesen ya sukur, nék oranana ya ora papa.

Wektu sing dibutuhna kanggo nggawé wayang mituruté Agus suwé-suwéné sekitar sewulan.

Tekan sepréné, angger diétung-étung wis ana sewidak wayang sing wis degawé neng Agus. Sing pesen ya wis tau ana, ora mung sekang wilayah Banyumas thok, ningén uga ana sing pesen sekang njaba Banyumas.

Gawé wayang jéré agus ora nganggo ritual khusus. Mung dhéwéké pancén biasa puasa Nyenén-Kemis merga kuwé wis dadi lakuné kawit mbiyén.

Bahan sing nggo nggawé wayang biasané kulak sing kondisi wis dadi lembaran kulit. Selembaran kuwé nék degawé wayang téyéng dadi sepuluhan wujud wayang kulit.

Seliyané nggawéni wayang kulit, Agus uga nggawéni wayang golék lan nggambar wayang neng kanvas. Angger gawé wayang golék prosés sing madan suwé diantarane nék nganggo bahan kayu waru.

Agus crita déné dhéwéké seneng pisan angger ana sing kepéngin sinau gawé wayang, merga kuwé bisa dadi dalan nggo awéh manfangat maring wong liya.

Sing penting wongé gari teka maring umah, ning nék bisa awéh kabar ndisit soalé mbok lagi metu utawané ora nang umah.

Angger arep pesen ya téyéng, gari rasan wujudé wayang apa sing dikarepna. Regané uga macem-macem sekitarané wolungatus éwu maring nduwur.

Rahayu

Klilan..

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..