Biyén, tanganmu genggem tanganku
Biyén, pundakmu énék kanggo aku nangis
Biyén, guyumu nentremké atiku

Nanging siki..
Tangan, pundak, guyumu ilang sekang uripku

Kanca-kancaku kabéh, bayangna
Apa sejatining kahanan sajroning dunya
Yén ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih
Ing sakjroning atiku
Aku ngrasakna kepéngin ngamuk wektu kuwé

Kanca lan kancaku
Elinga rasa atiku kiyé
Jaganen rasaning welas asih kiyé

#PBN_BANYUMAS
Selasa, 05 Januari 2021

Dhemit PBN

Aktifis sejarah lan budaya. Siki aktif neng komunitas Pecinta Budaya Nusantara (PBN).

Mayuh dikomentari luur..