Kabéh jago duwé taji utawa jalu. Kaya sungu sing thikil neng cékér. Naluriné lanangan, bandhot, utawa jago, njaga wadoné. Mula jalu kuwé sing nggo dadi gaman nggo gelut-ugeng. Kaya déné sungu neng kéwan mamalia, utawa cakar lan gadhil neng kéwan carnivora.

Tajén Bali ana bédané. Jalu sing neng cékér mau, dilapisi logam jenisé wesi waja sing ditempa lan dilandhepi kaya péso. Dawané watara 4-5 cm. Gunané padha, nggo gawé tatu mungsuh. Malah kadhang mungsuh sing kalah ngasi kéweér-kéwér, keentongan getih, sing banjur mati.

Ora cukup mung taji, jalu sing landhep, utawa pawakan sing apik. Ning méntal lan keahliané jago tarung uga kudu linuwih angger kepéngin diadu. Kaya déné atlit, jago aduan dirumat mawa gizi sing cukup lan latihan sing terus. Mulané jago aduan sing menangan, regané uga larang.

Tajian, sugatan tabuh rah utawa tumetesé getih suci. Getih sekang ayam jago loro sing diadu. Nalikané getih netes maring lemah, ibu bumi, dadi prelambang nyenyuwun Maring Gusti Kang Akarya Jagat, supaya adoh sekang bilai lan sambé-kala. Angger neng Puri biasané dianakna nalika odhalan, 210 Dina sepisan

Neng sejarah Nusantara akeh crita babagan adu jago utawa tajén mau. Sepet jaman Jenggala, Cindhélaras, sing kecrita jagoné gagah lan pinter nyanyi. Prabu Anusapati sing séda nalika nonton adu jago.

Neng Banyumas dhéwék ana babad Kamandaka. Méh kabéh seamba-dawané Nusantara ana legénda babagan raja sing karemané adu jago. Werna-werna karepé. Biasané nggo rebut wadon, padon, lan panggon.

Ning dadi tradisi sing tekan siki ésih ana. Déné siki tajén utawa adu jago dadi lahan main utawa toh-tohan, kuwé éfék liya. Ning biasané neng kalangan uga akéh wong sing kesrébélan rejeki. Bakul jajanan, bakul rokok, bakul panganan mélu panén.

Légal-ilégal, nyatané ésih akéh wong nyangking jago nggo diadu. Jago ras lokal sing gemiyén dadi unggulan, siki wis entong merga ditukuni neng tauké, digawa maring Malaysia, Viétnam, lan Thailand. Neng kana dirumat apik, banjur dadi jago unggulan sing siki larang regané.

Neng kalangan, madan clingak-clinguk mbok ana polisi.

Sanur, 28 Séptémber 2020

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..