Nyuwun séwu, kula koh malah dadi akéh takon karo kéwan, uga wit.

Lah kenangapa sih? Mbok malah maén rika téyéng dadi menungsa sing merdéka, sing penting nggelas kosong.

Adoh sekang apa kiyé tah arané angger ngebek baé marakna padu. Mending angger depada-pada ngregani ngerténi babagan sing agi dejléntréhna.

Dadi priatin siki kaya kakéhen wong sing pada mélu crita, ningén udu nang nggoné, dadi kulak jéré adol ndéyan batiné mbuh apa.

Mélu-mélu thok ora téyéng dadi nggelas kosong, sing penting ngumpruk. Tapi ya ora papa ding…

Alakaé ana kukus ireng arep gagian mlipir sekang tlatah wétan maring kulon. Bayangna angger kudu nglanjutna tarung kahanan pada urip wis nipis butuhan, karo pas ngalami lempah lempoh, apa iya téyéng mikir kaya apa akibaté?

Banjur sapa sing pantes desalahna? Lamon mikiré nyata dudu kakéhan cangkem (kacang) isiné mundeti, ya angél nggo nggolét wedhus ireng.

Semaur jal semaur…

Lahhh kon semaur apa ya ora téyéng wong wis ngrasa kebek kabéh ilmuné, ora jéré kaya gelas sing kosong.

Mbok ya angger kaya gelas kosong tolih téyéng deinum, ngejogi ilmu liya maning. Wong nganah jenengé ginau toli ora jéré pinter ningén nambah bodo. Lekotho tur hora ngerti. Siki wis ora usah kakéhan gludug, padha-padha nyengkuyung tolih kepénak.

Jane rika ngomongi apa sih? Jagoné ora kluruk? Lah mangsudé apa kuwé?

Jagoné ora kluruk kuwé mlebu babagan babon apa ora kakéhan gludug ningen ujug-ujug jenggirat moncér. Ngonoh depikir dhéwék baé mangsudé priwé.

Béda utek jelas béda mikiré tinimbang kenang srambah uyah hora karu-karuan, malah dadi wedhus ireng.

Alakaé bundhet temen sih ngobroli ngalor ngidul ngétan ngulon ora genah, kaya enthung sing nang godhong gedhang.

Wis…wis..wis… genaéh baé? Lah wong jenengé baé lagi ndleming ya karep-karepé rika baé, sing penting rika bombong, inyong tah anu gampang!

Jal ya alonan dewaca maning sekang nduwur tulisané bén mudeng. ora mubeng. Depipil baé ya, alonan aja ngegass. Mengko tolih mudeng. Mangsudé, lamona wis mudeng ora kabéh kemudengan kuwé de koar-koarna mbok dadi ngrasa téyéng, nggelas kosong kuwé gawé ati plong.

Kadang sing ora gawé plong kuwé merga sing dudu sekang awaké dhéwék, ningén sekang awaké wong liya,

Genti apa terus angger kaya kuwé?
Ya maca sedurungé, maca sewisé karo maca sing lagi kedadén karo umed-umed cangkemé. Sing sapa ngerti ginau nggelas kosong dalan urip dadi padhang jagaté.

Rahayu sagung dumadi..

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..