Musim pagebluk kaya kiyé ora pandang sapa baé sing kena. Nyatané, lima anggota DPRD Kabupatén Banyumas kena virus Covid-19. Anggota déwan kiyé kena virus sebabé tembé balik sekang lawatan kodéan neng luar mBbanyumas.

Huséin ngendika, awale loro anggota sing kena virus. Pas hasil uji swab massal sing dités ming 106 anggota DPRD karo pegawé neng sekitaran sékretariat DPRD Banyumas, malah tambah telu sing kena virus.

“Sebabé balik sekang lawatan kodéan neng luar mBanyumas, malah pada ketularan virus covid-19,” jéré Huséin, Kemis (27/8).

Ora mung anggota déwan sing kena virus, jelas Huséin, loro anggota keluarga déwan juga kena virus.

Kepala Dinas Keséhatan (Dinkes) Banyumas, Sadiyanto, nerangna salah siji anggota déwan wis mulai mendingan. Sing mauné kondisiné lumayan nemen ngasi nganggo alat réwang nggo ambekan.

“Wingi ésuk inyong tilik, kondisiné wis mendingan, wis bisa njagong, mauné ora bisa njagong kuwé,” jere Sadiyono.

Sedurungé ana berita, kantor DPRD Kabupatén Banyumas ditutup kawit Setu (22/8) sewisé kewenangan anggota déwan kena virus covid-19. Kegiatan neng DPRD Banyumas siki wis olih nggo kegiatan maning kawit dina Rebo (26/8).

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..