Rika padha mestiné ora asing maring sing arané cilok. Kaé loh, panganan sing kaya indhil-indhil bakso. Dasaré pancén bahan sing nggo gawéné padha baé karo sing nggo gawé bakso.

Panganan utawa jajanan kuwé kayong cocog angger depangan pas neng wektu udan, apa maning oléhé mangan decampur bumbu kacang utawa bumbu pecel. Jaan kayong kanyel-kanyel nylekamin.

Cilok, aci decolok, merga angger mangan kuwé decoloki, decocogi karo bithing. Kiyé jan-jané dudu panganan asli sekang Banyumas, ningen asalé sekang daérah Jawa Barat sing wis semebar maring endi papan, dhaérah-dhaérah liyané neng Indonésia.

Angger ngomong cilok utawa ana sing ngarani penthol, inyong dadi kémutan maring salah sijiné bapak-bapak sing dadi bakul cilok pas dhong inyong égin sekolah neng SMP N 1 Ajibarang.

Wektu semana, sekolahané durung detingkat ora kaya sekiyé. Koplaké ya égin neng mbang wétan sisi kidul, sing sekiyé dadi Puskesmas Ajibarang I.

Jeneng bakul ciloké yakuwé Pak Darso, wongé ramah tur apikan. Angger maring bocah-bocah lanang sing padha tuku ciloké, mesti ora kéri ngundang “bocah bagus, bocah bagus”.

Kayané taun semana Pak Darso merajai percilokan neng dhaérah Ajibarang. Oléhé dodolan sekang njaba pager wesi sisih wétan. Angger dhong wektu ngaso, bocah-bocah padha metu sekang njero kelas kayadéné laron, brullll wis mabur maring endi ora nggoléti jajanan dhéwék-dhéwék.

“Bocah bagus, bocah bagus!”

Swarané Pak Darso wis keprungu sekang njaba pager. Dhéwéké wis siap sedia nglayani para pelanggan sing arep tuku ciloké. Regané wektu semana kurang lewih taun 1995-1998, sing isi ndhog puyuh mung Rp.100,- angger sing biasa mung Rp. 50 pérak. Jajan cilok mangatus, wis waregé pool. Ningén ya kayongé ora mblengeri koh.

Andingan wingi, dhong inyong dolan maring Ajibarang, arep jajan bubur kacang ijoné Pak Abu Nasir, éh pas ana Pak Darso neng kono. Dhéwéké uga tes mburjo. Jan ora denyana bisa ketemu maning karo dhéwéké.

Wis kaya batir lawas sing suwé ora ketemu, inyong mangan bubur kacang ijoné karo dopokan mbleketaket karo Pak Darso. Ésih ajeg ora nana sing owah, Pak Darso katoné ésih awét enom, kawit inyong ésih SMP nganti tekan sepréné kayongé ésih ajeg.

Tek mat-matna mbok menawa ana sing wis owah sekang dhéwéké tek ileng-ileng karo tek éling-éling; jebulé temenan ana sing séjén. Ana loro pisan; yakuwé, sing nomer siji Pak Darso oléhé dagang ider cilok wis ora nganggo pit maning, sekiyé wis ganti nganggo motor. Njuran sing nomer loro alhamdulillah Pak Darso wis munggah kaji. Bareng inyong krungu angger Pak Darso wis kaji, inyong mélu seneng, bungah.

Tek lirik jam neng hapé, kayong wis mandan suwé oléhé gendu-gendu rasa, inyong njuran menyat karo mbayar bubur kacang ijo campur ketan ireng plus susu, regané murah mung limangéwu pérak. Pak Darso uga mélu menyat merga ana wong sing arep tuku ciloké. Inyong mlaku méreki dhéwéké sing lagi nglayani.

“Pak inyong uga bungkusna ya, kiyé ana mangéwu dadi loro.”
“Oké siap, bocah bagus,” semauré khas banget kawit ganu.

Nyambi mbungkusi cilok, Pak Darso njuran crita maning babagan apik lan alané wong.

Angger ana wong wis ngecap awaké dhéwék dadi wong apikan, kuwé malah lewih abot sanggané. Mergané awaké dhéwék kudu bisa njaga prilaku, tandhak-tandhuké marang wong liya aja nganti nyalahi utawa cokan mblénjani omongan apa maning nganti gawé cacad neng ati. Bisa dadi sewaliké, merga sing decekel kuwé omongan, janji. Sepisan awaké dhéwék nglombo, ora amanah, wis ngonoh bakalé ora degoplé maning.

Kaya lirik laguné Ebiet G. Ade, petuah sederhana yang akan kucatat dalam jiwa bila rindu kepadamu…

Inyong njuran pamitan maring Pak Darso karo Pak Nasir sing dadi bakul bubur kacang ijo légendaris. Kapanané inyong arep ngedabrus maning. Muga-muga awaké dhéwék padha ésih deparingi sehat, waras, wiris, wasis, slamet uga sing paling utama yakuwé berkah.

Sugiha kaya ngapa angger ora nana berkahé ya precuma padha baé lombo. Iya apa ora sedulur?

Tumiyang, Pekuncén 15122020

Pensil Kajoe

Penulis tetap neng minggon basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta neng rubrik Banyumasan. Wis nulis 17 buku tunggal lan 30 buku antologi bersama.

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

  1. Wong Urip Nang Dunya nomer siji kudu golet keberkahan. Sing akeh syukur e, mergane pirang pirang sing Nang ngisore dhewek.
    Kesuwun banget Inyong maca tulisan kie, ati sing lagi nglokro lan gedumel merga kahanan Urip sing ora sesuai harapan. Kaya dene kepanasan banjur disiram banyu…Mak nyess..adem pisan atiku Nemu Tamba. Mudah mudahan awake dhewek kelebu wong sing amanah uga selalu bersyukur aamiin

    Reply

Mayuh dikomentari luur..