Pitik walik munggah ngambén
Ésih cilik njaluk kepén

Pitik walik saba neng larén
Ésih cilik dadi pengantén

Pitik walik saba neng kothakan
Ésih cilik doyané gendhakan

Pitik walik mancrub tulakan
Ésih cilik aja glawikan

Pitik walik nyucuk pangsit
Ésih cilik meteng disit

Pitik walik ngisor wit cengkéh
Ésih cilik pacare akéh

Pitik walik nyucuki gudhé
Ésih cilik detinggal ngodhé

Pitik walik nguber jago
Ésih cilik njaluk bojo

Pitik walik nyucuk sayur
Ésih cilik doyan ngluyur

Pitik walik pinggir témbok
Ésih cilik doyan mabok

Pitik walik njero bui
Ésih cilik sregep ngaji

02092020

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Mayuh dikomentari luur..