Judul tulisan kiyé ora nglombo. Pancén temenan. Ndleming.com tetep bisa diaksés éwandéné rika lagi ora duwé aksés internét.

Lha bisané?

Ya bisa lah, jenengé baé téknologi.

Ning sing kudu degaris bawahi, halaman-halaman sing bisa diaksés mung halaman-halaman sing tau dekunjungi, nalikané rika ngaksés Ndleming.com karo konéksi internét.

Dadi sistem kerjané kurang lewihé kaya kiyé…

Nalika hapéné rika konék maring internét lan mbukak Ndleming.com, neng njero Wéb Ndleming ana program sing pegawéané ngopy data otomatis sekang sérver maring hapéné rika. Nah, data kuwé neng hapéné rika disimpen neng browser application.

Browser kuwe apa?

Browser kuwé ya aplikasi sing nggo mbukak halaman wéb. Nék rika mbukak Ndleming.com karo aplikasi sing jenengé Chrome, Opera, Baidu, Firefox.. Nah kabéh aplikasi kuwé sing jenengé browser.

Dadi, mbuh rika nganggo browser apa baé nalika mbukak Ndleming.com, nalikane rika offline Ndleming.com tésih bisa debukak maning merga browseré rika ngaksés data offline sing ana neng hapé.

Pokoké sederhanané kaya kuwé lah. Nék tek jelasna lewih detail malah rika mengko bingung thok, nambah-nambaih pikiran. Mikir cicilan bé wis bingung, hahaha… Guris ya..

Kenangapa ndadak digawé fitur aksés offline?

Ya mestiné nggo ngawulani wong sing hora duwé aksés internét. Mbuh merga tanggal tuwa durung bisa tuku paket data, utawané duwé aksés internete mung nalika neng kantor thok.

Daripada bingung rep ngapa, mbukak apa-apa ra bisa mending maca maning tulisan-tulisan sing tau dewaca neng Ndleming.com.

Seliyane kuwé uga supayané rika padha nalika ngaksés web Ndleming dadi lewih cepet. Kesimpené data neng browser dadi ndadékna hapé ora bola bali ngeload utawa njiot data maring sérver.

Ya wis kayané semono baé infoné. Nék ana sing arep ditakokna utawané rika duwé masukan nggo Ndleming.com mangga detulis neng kolom komentar ya..

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..