Mendung-mendung kaya kiyé mantesé mangan bakso sing pedes, kon mandan kepyar. Ningén arep mingser nggolét bakso aras-arasen utawa basa gaulé kuwé mager alias males gerak; bebeh obah.

Kayané bakso dadi panganan klangenan kabéh umur, merga bisa denikmati kapan baé ora kemudu pas dhong hawa adem.

Kejaba kuwé bakso uga cokan nggo sandhingan wong hajatan, biasané neng prasmanan ana mangkok baksoné. Tamu sing teka wis gari milih endi sing dekarepna. Arep milih sega karo kering kentang apa arep milih baksoné?

Mula bukané, wektu semana neng daratan China nalika abad 17 maséehi, ana salah sijiné wong sing gawé bakso merga éman maring biyungé sing doyan mangan daging, ningén wis mandan ora kuat merga untuné wis ana sing padha copot.

Nah, wektu semana anaké njuran mikir kepriwé carané gawe panganan sing énak, seger tur biyungé doyan. Akhiré wong mau gawé panganan sing nganti tekan sepréné dearani bakso. Miturut basa Hokkien, bakso kuwé tegesé daging giling.

Waca Liyane:  Burjo Pak Nasir, Burjo Légendaris Kawit Taun 1977

Bakso mlebu maring Indonésia merga degawa neng bakul-bakul sekang China sing wektu semana padha nggawa barang dagangané maring Indonésia, ngambi ngenalna panganan khas negarané. Dadi sekiyé, bakso wis kaya panganan khas sekang Indonésia.

Unggal daérah, bakso nduwé ciri khas dhéwék-dhéwék. Ana bakso Malang, bakso Solo, bakso urat, bakso telur, bakso gépéng, bakso mrecon, bakso sétan, bakso bogem.

Malah sekiyé ana maning bakso beranak. Dadiné dearani bakso beranak merga neng njero bakso kuwé ana baksoné maning, utawa wong nggonku oléhé ngarani indhil-indhil.

Warung bakso uga kaya déné jamur neng mangsa ketelu, méh unggal nggon ana. Senajan akéh sing padha dodolan bakso, ningén ya payu baé, wis padha duwé langganan dhéwék-dhéwék. Ora prelu wedi nék rejekiné kesliru mlebu maring lawangé tanggané.

Kayadéné Kang Tinggal Riyanto (44), asalé sekang Désa Glémpang, Kecamatan Pekuncén Kabupaten Banyumas. Dhéwéké uga duwe usaha dagang bakso. Ningen ora ngedegna kios utawa lapak bakso neng pinggir dalan.

Bapak anak loro kiye nduwe inisiatip oléhé dagang bakso nganggo cara jemput bola, basa mentéréngé kuwé door to door.

Mburu maring konsuméné langsung, ora kemudu konsuméné sing mburu maring bakulé.

Waca Liyane:  Tugu Anyaré Banyumas, Gada Rujak Polo

Cara kaya kiyé pancén lewih éféktif, nyingget wektu lan tenaga kanggoné sing agi kepéngin mangan bakso. Kang Tinggal, oléhé dagang bakso kurang lewih wis ana 12 taunan.

“Ganu sedurungé dagang bakso, inyong dagang és buah,” ujaré Kang Tinggal nalika detakoni.

Jajahané oléhé dagang bakso lumangyan amba. Kawit sekang désané dhéwék, Tumiyang njuran nganti maring daérah Lebaksiu (Kec. Cilongok).

Bakso Ideran Bonafide, Bakso sing Murah tur Ngangeni 2

“Agi pertama dagang taun 2009 semangkok tek regani telungéwu pérak,” semauré Kang Tinggal karo mésem.

Dhéwéké ora wedi kesel, metu sekang ngumah ider kawit jam loro soré nganti tekan jam sanga wengi. Kanggo ngempani anak bojo lan mbiayani kuliah anak mbarepé.

Waca Liyane:  Jégangan Warung, Nggon Jagongan Lan Kulinér Ndésa

Aja jéré mung bakso ideran, ningén rasané ya kena go tamba kangen wong-wong penikmat bakso.

Regané ya ora gawé dompét bolong, semangkoké mung deregani  Rp. 5000,-.

Malahan angger ana sing tuku rongéwu apa telungéwu ya tetep baé delayani.

Pancén cocok karo aran baksoné, “Bonafide”. Kanggoné Kang Tinggal ngewulani apa sing dekarepna konsumén kuwé lewih apik.

Senajan rejeki kuwé sekang Gusti Allah, ningén bakul utawa usaha apa baé utamané sing padha duwé usaha dagang bisané olih dhuwit ya sekang konsumén.

“Inyong uga bisa nampa pesenan. Mbok menawa ana kanca utawa batir sing arep pesen nggo acara hajatan utawa reunion bisa kontak inyong,” ujaré Kang Tinggal mromosikna dagangané karo tangané dikut ngracik bakso sing tek pesen.

Tumiyang, 28 Februari 2021