Inyong wis ora bisa nulis
ora ngerti apa sing ditulis
Inyong ora bisa nangis
ora ngerti apa sing patut ditangisi

sing ana ning rasa
rasa mbuh apa
semplah
nggomblah
rowak rawék
bingung dhéwék

Lah, bocah pada péngin sekolah
kudu tetep ning umah
aja maring sekolah
mbok dipangan sawan corona
dhemit lelembut gentayangan nggolét korban nyawané wong tua nyawané bocah remaja

bocah ora olih ketemu guruné
ning umah sinau karo biyungé
udu pinteré
sing tambah malah bingungé

wong dolan plesiran
wong rubung ning dalan
wong mbarang gawé
sunatan, penganténan
olih kumpal kumpul
guyon cekakakan

lah arep tekan kapan
urip ora duwé kebébasan
ambekan baé kudu nganggo saringan

lucuné
para penggedhé malah dadi artis dadakan
shooting médsos saben kegiatan
mulai tangi turu nganti arep turu
mung ngising sing ora siaran

saben dina laporan dolan
maring pasar tuku bécéran
maring sawah ndeleng panénan
maring panté maring curug maring alas
malah ngajak latihan mabur kaya gathot kaca

ilokan iya
rakyat ora kelara lara
weruh penggedhé akéh hiburané
padahal urip lagi angel penggaotan
kesrakat susah nggolét pangan

embuhlah,
Inyong mung bisa nggrundhel dhéwékan
Ora bisa nulis
Ora bisa nangis

Semplah
Nggomblah
Rowak rawék
Senajan ati krasa sewék
Wis ora bisa méwék

Ajibarang, 8 Agustus 2020

Trisnatun Abuyafi

Guru neng Banyumas sing seneng banget nulis. Siki manggon neng Ajibarang

Mayuh dikomentari luur..