Wis dadi budayané déwék, nék ora srawung ora kepénak. Temu batir dopokan neng ndi papan utawa nggon ndi baé. Dopokan ngalor-ngidul pokoké, jégangan seboyéhé.

“Jégangan artiné njagong santé karo sikilé munggah siji maring korsi.
Dadi nggon nggo santé, ora nana tanggungan blass,” jéréné Sopan Arofat.

Asalé, Sopan seneng jégangan karo kanca-kancané. Umah Jawa ndésa sing cokan nggo jégangan, nggon sing pancén kepénak nggo jégangan kuwé disulap dadi warung.

Konsépé jégangan neng ndésa. Syahdu pisan jégangané, ngerasakna silir-silir angin karo ndelengi wit-witan pada nari.

“Ganuné Warung Jégangan kuwé kebon mburitan, terus ditanduri suket karo wit-witan kembang, éh pada seneng dolan. Terus pada poto-poto,” dopokané Sopan.

Alamaté Jégangan kuwé neng Pernasidi, Cilongok. Jalaran wis mulai ramé sing teka, awalé warungé kuwé dodolan sega karo gésék tok.

“Anu wis ramé sing pada teka, terus neng nyong nggo adol sega karo gésék sisan,” jéré Sopan.

Nék panganan sing didol siki ramesan regané se wong 30 éwu, isiné sega, ayam, tahu, témpé, sambel, gésék, kluban, karo rempéyék. Nék médangé ana téh, banyu bening, karo lawuh médangé kacang godog.

Usahané berkembang terus, siki ora mung ana nggon jégangan, tapi ana nggon slonjoran utawané nggo léséhan.

“Ora mung nggo jégangan karo slonjoran, ana nggon playon karo dolanan bocah cilik, kaya gerotan pring salah sijiné,” Sopan nambahi.

Ora mung andon mangan karo médang tok, Jégangan uga nyéwakna klambi utawané kostum ndésa nggo poto-poto.

Andika Satria

Tukang nulis. Siki fokus nggolét bojo lan ngurusi gerakan sosial

Mayuh dikomentari luur..