Ajining dhiri saka lathi, ajining salira saka busana. Utamané wong urip kewetu sekang lambéné. Apiké raga sekang klambiné.

Lambé ngetokna omongan, mula kecap-sekecap kudu temata, aja cidra utawa gawé lara maring wong liya. Angger kira-kira ora prelu mendhing meneng. Tumrap Kang Tarsiwan jéré silence is gold. Inyong ya nembé sinau. Merga paling angél, srawung kudu ngucap. Ning kempyangé inyong lewih sering metu angger agi dopokan. Mula angger arep mundur inyong mesti njaluk pangampura.

Busana utawa klambi. Kiyé urusané karo norma-étika-éstétika. Angél mbok? Normané arep metu sekang ngumah ya klambén. Angger wuda, sing lanang kopat-kapit, sing wadon ndal-ndul.

Étikane, angger neng ngumah cukup kathok cindhek, kaos ndobléh. Ketemu mertua madan sarungan. Rapat RT kathok landhung, ketemu lurahe béda maning, ketemu bupati ya lewih besus. Nganggo batik sing paling anyar.

Ning rika cokan kelalén. Mbosa arep ketemu pejabat utawa gacoan tah nécis sekeliwat. Ning arep ngadhep Gusti Allah malah nanggo kaos sing tes nggo dolan.

Tekan éstétika. Biasané wong wadon lewih nggatékna babagan kiyé. Angger inyong mung nggolét nyamané. Mula piandelé ya kathok jeans bolong dhengkulé. Wong sedermané paling antar jemput bocah karo ngenténi dhawuh sekang ndarané. Kathok tipis ya ana mung loro, sepatu meling ana, mung denggo ora nibani sewulan sepisan.

Ning ana érang-érange wong tua sing siki dadi kasunyatan. Klambi dadi nabiné, duit dadi gustiné.

Klambi dadi nabiné ngemu surasa, kabéh kepéngin katon sekang apa sing denggo. Katon gedhé, katon sugih, katon mulya, katon alim, utawa katon sangar. Mung klambiné dudu sekang ati utawa jeroané.

Duit dadi gustiné. Akeh wong sing banjur ngugemi tur katoné ngormati wong liya merga dunyané. Pinter utawa apika kaya ngapa rika, angger mung séket satus ya anu bangsa penginyongan. Ora payu, ora degugu.

Ning rika depenjara ping pitua angger gelem nyah-nyoh merga dhuwité akéh ya tetep diajéni, ora kétang neng mburi padha ngentut. Ora urus kuwé dhuwit ngutil, ngecu, korépsi, utawa nggarong. Mbayar wong kon api-api ngormati rika ya anu banget akéhé sing  gelem. Nyéwa wong kon mbéla rika ya ngadhug sing antri. Préntah karo sikila ya égin ana sing kersa.

Nun? Ya mending ora katon ning wujud. Ora kondhang ning kopama. Rai penjahat ning ati malaékat..

Salam kathok bolong dhengkulé..

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..