Mata : “Kir, inyong mau weruh bocah wadon ayu ning pinggir Kali Diyu!”

Pikiran : “Kuwé bocah wadon apa kuntilanak?”

Mata : “Bocah wadon ayu Kir, aseli. Inyong mau weruh dhéwéké agi ngumbahi klambi. Jan, ayu pisan. Apa maning, awaké mung diblebed jarik, tambah katon ayuné, Kir..”

Pikiran : “Walah iya kuwé. Jaman siki wis jarang pisan bocah wadon ngumbahi ning kali, awaké diblebed jarik. Sing akéh ya mlayu maring tukang kumbah, mbayar, banjur ditinggal ndem-ndeman. Ketambahan, kali siki uwis ora kaya gemiyén.”

Mata : “Iya kuwé kir, banyu kaliné siki butek. Akéh runtahé.”

Pikiran :”Lha… bocah wadon mau, ngumbahi klambi nganggo banyu butek?”

Mata : “Ora kir. Ngumbahi nganggo banyu butek ya malah dadi tambah kotor. Kepriwé sih ko Kir Kir.”

Pikiran : “Banjur?”

Mata : “Ya ngonoh dipikir dhéwék. Inyong mung weruh Kir.”

Pikiran : “Ooo asu!”

Napsu : “Ana apa, Kir?”

Pikiran : “Asu! Udu napsu.”

Napsu : “Dénéng sih ko kesuh-kesuh, Kir? Kuwé mbok bagiané inyong.”

Pikiran : “Oh iya ya Su. Ngapurané.”

Mata : “Su, inyong mau weruh bocah wadon ayu ning pinggir Kali Diyu”

Napsu : “Temenan apa, Mat? Bocah ngendi kuwé? Mayuh parani aja kesuwén. Kir, gagén préntah sikil kon mlaku nganah Kir. Apa préntah tangan kuwé kon utak atik HP nggoléti nomer WA-né.”

Mata : “Inyong mau weruh dhéwéké agi ngumbahi klambi. Jan, ayu pisan. Apa maning, awaké mung diblebed jarik, tambah katon ayuné, Su.”

Napsu : “Yawis mayuh aja kesuwén. Parani baé. Inyong wis kemlecer pisan kiyé lah.”

Pikiran : “Mengko disit Su. Aja kesusu.”

Napsu : “Kesusu ya enak. Timbang kesikut.”

Pikiran : “Sing sabar. Digoléti disit, bocah wadon mau uwis duwé bojo apa urung? Aja bras bres baé kaya ora duwé utek.”

Napsu : “Bocah wadon ayu kiyé, Kir. Kesenengané inyong. Wis duwé bojo apa urung, inyong ora urusan. Ora urunan, ora duwé duit! Pokoké gagén kuwé sikil, tangan, cocot, kabéh dipréntah Kir. Kepriwé carané inyong bisa olih bocah wadon kuwé.”

Pikiran : “Iya, Su iya. Mengko inyong bakal préntah. Tapi takon Ati disit ya, apiké kepriwé.”

Napsu: “Ti Ati. Ko ning endi ya? Gagén ngénéh!”

Ati : “Inyong kawit mau ning kéné. Uwis krungu kabéh sing dikandahna ko karo Pikiran, karo Mata. Ujarku inyong arep ora dienggo. Mulane inyong meneng baé.”

Pikiran : “Dadi kepriwé kyé Ti, sing paling apik, sing ora gawé cilaka, sengsara. Kudu kepriwé?”

Ati : “Sing apik kepriwé, mayuh bareng-bareng takon maring sing maca.”

Musisi khususe babagan tukang nggitar. Siki manggon neng Purbalingga.

Musisi khususe babagan tukang nggitar. Siki manggon neng Purbalingga.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..