“Inyong ganteng jere kakine…
Inyong ganteng jere ninine…”

Mbahé geget karo gédhég-gédhég alon ndeleng putuné golé nglilo nyengir jaran. Gole singsotan cocoté nganti muncu-muncu.

“Owalah tu putuku ko kuwé gi ngapa koh? Cataké tumbén-tumbénan golé madep kaca suwé pisan, banéné kayong njanur gunung temen arep ngléncéri wadon ngendi? Erammm…”

“Wahahaha mboten ngléncéri wadon mbah. Wong mboten gadah tur ya hurung kepéngin, mbah… mbah… Putuné njenengan niki kan paling gagah déwék nggih? Mumpung kliwonan wong harepan sowan luhuré nggih kudu bombong héhéhé…”

“Ya gagah lah wong lanang hahaha. Deéling mengko aja klalén ya tu… Jam sewelas karo mbah mangkat maring makam. Oh ya, mau awan mbah pas mbruwun ana wong marani terus juguran ngalor ngidul ngétan ngulon, wong loro kuwé bajingan karo sontoloyo. Arep mélu kliwonan tu.”

“Uh gehhh sangar temen mbah??? Lha niku arep mangkat bareng napa pripun mbah?”

“Ketemu nang kana langsung tu, nunggu nang pertelon sing sedurung mlebu maring makam kaé..”

“Nggih mbah kula badhé nglinthung sekedap teng batiré. Mengko baliké sisan tuku menyan, kembang mawar melati karo kanthil nang nggon biyasané, anu bukaké patlikur jam”

“Ya tu salam baé nggo bakule. Kuwé kanca lawasé mbah. Kiyé nyah kléangé sing nggo tuku, sisan ya mampir tuku kopi karo gula pasir.”

“Mboten usah mbah, kula ésih nyepeng arto niki.”

“Ya wis nggo pranti cekelan ko baé tu , éh mbok kurang apa mbok ana butuhan liya sing kudu detuku.”

“Nggih mbah… Mbah wau njenengan matur mengko ana dayoh bajingan karo sontoloyo arepan mélu. Niku anu sinten? Kayong ora ilok deucap, mbah..”

“Hahaha putuku putuku. Apané sing ora ilok jan érammmm… Wong kuwé ya duwé arti sing apik, mung jaman siki ya ngerti artiné ora apik. Jané angger ngomong bajingan apa sontoloyo ya hora papa, angger weruh wujudé tolih ngerti jebulé anu apa.”

“Lah bajingan karo sontoloyo niku napa mbah? Marakna kula penasaran pisan artiné… Napa niku singkatan? Bajingan bar ngaji mangan, kaya kuwé apa mbah? Héhéhé”

“Ya ngénéh jagongan sit, mengko mbah awéh ngerti sing ko takon. Tu, sedurungé ko nglinthung, tulung kaé jiot jengkoké nang jéjér sumur, mau tes denggo nininé nggo njagong karo ngumbaih grabah.”

“Nggih mbah sekedap. Ndilalah baé arepan nimba arep nggodog banyu sisan, nggo sangu médangan ngko wengi.
Punten pripun mbah niku wau?”

“Putuku, sing dearani bajingan kuwé wong sing nggawa grobag. Biyasané nggawa kasil bumi, pari lan sakpituruté.”

“Kadang ana sing nggawani pring nggo dejujugna sing pesen. Grobagé detarik nang kéwan ya kuwé sapi, sapiné ana sing siji ana sing loro golé narik grobag. Angger siki mbah wis ora menangi, mula kuwé ko ya ora ngerti , siki wis dadi warisan kearifan lokal sing wis ana kit jaman kuna lereng.”

“Lha angger sontoloyo kuwé wong sing anggon kéwan yakuwé bébék.”

Sing deangon ya atusan pindaéh meluni musim panén pari nang nggon persawahan. Bébéké golé deangon pindah sekang nggon siji maring liyané sing ana sawaéh, ana juga sing tekan nginep angger nggoné adoh golé angon”

“Kados niku nggih mbah, cempulek jebul artiné… Dadi pingin nduwé sapi karo bébék bén téyéng dadi bajingan karo sontoloyo héhéhé. Kesuwun nggih, mbah..”

Klilan
Rahayu Sagung Dumadi

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..