Permén, kembang gula Davos, utawa sering disebut Dapos utawa Dapros. Légendaris sepet Inyong cilik, watarané taun 1970-1980-an. Nalika semana, méh unggal toko neng Jawa utawa warung mesti nyandhing.

Permén gaweané PT. Slamet Langgeng kuwé ana sepet 28 Désémber 1931. Pabriké neng Jl. Ahmad Yani 67, Kandang Gampang, Purbalingga. Sing duwé Babah Siem Kie Djian.

Jaman Inyong Kelas III SD regané Rp 15. Ora mampu tuku, merga sanguné mung mangpé. Ngemut Dapros angger kebener Ramané tumbas. Kuwe baé mung keduman separo éwang. Pedhes-semriwing, méh gawe ora tahan ilate bocah.

Ning Dapros pinter, merga sing tuku dudu mung wong tua, mula gawé sing rasané ora kepedhesen. Bungkusé kotak gerdhus, isine 20, gedhéné mung kaya dhuwit Rp 25. Angger bocah jaman now, ora kenal kleningan pecahan Rp 1, Rp 2, Rp 5, Rp 10, Rp 25, Rp 50 lan Rp 50. Angger arep tuku Dapros kudu urunan, merga sanguné ora cukup.

Ngasi siki Dapros ésih ana. Merga duwé pelanggan setia lan pabriké njaga rasa uga kualitasé. Senajan wis telung generasi sing ngurus pabrik kiyé.

Ora tau masang iklan, ning tetep payu. Biasané wong tuku nggo nyuda masuk angin utawa cangkemé mambu.

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..