Kayongé tah sepélé ngomongi jenengé rambut, ningén ya hora papa. Ngertiné mung wujud kaya kuwé thok. Ana sing ireng, putih karo degawé werna werni. Ana uga sing dawa, cendhek, lurus, ngruwel, kandhel, tipis lan seliya-liyané.

Jenengé rambut nang awaké dhéwék ya séjén-séjén, sekang nduwur maring ngisor, mengko njajal dejléntréhna.

Mbok menawa ana sing séjén jenengé apa salah ya dibeneri ya… Jenengé baé agi ginau babagan rambut sing ana nang menungsa, ya kuwé lanang karo wédon.

Sing aso golé maca, kiyé ngetiké karo meneng madhep mijeti hapé, tur madakna ati karo pikiran. Soalé angger ora kaya kuwé ya apa sing depikirna dadi ilang ora sida ketulis.

Mau sih tekan ngendi ya? Déla tek gésér layaré maring nduwur…. Sekrollll… Oh ya anu macem-macem jenengé rambut. Géh bener mbok madan ngilang sing arep tek tulis, gara-gara ana klunthing moni, hmmm tek sirep sit lah ingternété. Jin ron lun! (ngitung cara mbiyén)

Tekan kono mau ngetiké wis ana 732 karakter, hmmm aja-aja metu nomeré. Zzz molai mblandhang, wong wis deenténi apa baé koh njah jeneng-jenengé rambut. Jané téyéng apa ora malah ngalor ngidul ngétan ngulon. Iya lah iya kiyé mbé olih wangsit.

Ehmmm sekang nduwur tekan ngisor ya…

Dadi kaya kiyé, angger sing nang ndhas kuwé arane RAMBUT, angger wujudé kaya ngapa ya kaé mau tek tulis macem-macemé kaya ngapa. Arep deingu derumat orané ya mangga sebombongé baé, wong rambut-rambuté rika ikih. Aja rungokna omongan wong.

Terus mudun mandan maring ngisor bathuk nduwur mripat jenengé rambut ALIS, ana sing kandhel ana sing tipis. Jéré nek dekerok kabéh dadi gundul weruh belis, apa iya sih? Ya nék ngaca dhéwék ndéyan sotén… Gari de iya ni baé, ala mbuh.

Nah angger nggon mripat arané rambut IDEP. Kiyé ésih nang nggon rai ya, kuwé nggon pipi plipirané pokoké jenengé rambut BRENGOS. Bayangna dhéwék baé lah kaya ngapa, ya anané nang wong lanang.

Setttt nuju maring irung, jal ngaca nang kono ana bolongan njeroné ana rambut sing jenengé rambut CLIMUS. Madan segrak segrik angger debedul rasané.

Ora adoh sekang irung ngisoré arané rambut KUMIS, kiyé akéh sing ngingu wong lanang, pokoké gagah, apa maning pas deplintir pinggiran tengen kiwéné karo nyengir jaran. Lah nék wong wadon juga ana sing duwé tipisan, mung jarang.

Mudun maning jenengé rambut wujud JENGGOT. Sing jéré maning angger pingin akéh dedulepi ndog urang bén cepet tukul tur akéh. Ana sing nganggo obat penukul rambut jenengé….. titttt sénsor lah mbok ngarani ngiklan nang admin ndleming.com 😀

Kiyé,…kiyé.. akéh sing ora ngerti jenengé rambut sing antarané kumis karo jénggot, nggoné ngisor cangkem ngisor ya kuwé rambut Karo. Jal sih buktikna dhéwék. Tutna ya Kumis Karo Jénggot… ya mbok KARO, kurang marem praktékna baé karo ngaca..

Siki wayaéh mudun ngisor nggon awak. Kuwé ana nang slempitan tangan tengen kiwé sing dearani kélék ya jenenge rambut KAMPRET, merga ndéyan tukul nang petengan pas kegempét. Ndéyan sotén.

Éh ndilalah cempulek jebul nang nggon githok awak mburi nggon nduwur geger kuwé arané rambut KALONG.

Loh bedané kamprét karo kalong sih apa?

Ngonohlah karepé rika jawab dhéwék, selat suwé mudun maning, ningén udu saru loh ya. Nggon silit kuwé rambuté jenengé INCET utawa GEJUS.

Kiye arep nang awak ngarep ya kuwé nggon dada gutul wudel jenengé rambut? SIMBAR. Wong lanang angger nduwéni pokoké wedon ndeleng piwé jan ya, mesti kaya kuwé golé semaur.

Ehm ehm ehm… mesti kiyé sing paling ngarani saru penjorangan banget, ningén piwé maning ya mbok agi njajal ginau jenengé rambut, wis lah thok melong baé, wong wis pada ngerti ikih. Nggoné nang anune wong lanang karo wédon ya jenengé rambut JEMBUT. Sing kadang nggo wadanan wong nék agi jéngkél misah misuh.

Nah énggal rampung kiyé ésih ana siji maning ya kuwé rambut sing nang sikil arané rambut TUMIS. Jan maknut nék debedul nang kancané sing rubes mbuh kepriwé koh agi ngapa éram..

Ahaaa kayongé wis kabéh apa ya? Iya lah muga sing maca akéh berkaéh. Kesuwun ya mbut..

Rahayu

Klilan

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..