Sukéndar Hadi Sumarto, sing biasa diceluk Kang Kéndar, salah sijiné maéstro sing nggulawenthah bab Karawitan Banyumas. Utamané calung Banyumasan.

Ora mung neng kalangan sing seneng calungan, ning dunia akademisi kesenian uwis ngakoni déné Kang Kendar linuwih neng babagan Calung Banyumasan.

Othak-athik mathuké wong Banyumas, jéré calung kuwé asalé sekang dipracal monine dadi melung.

Dipracal nganggo bendho, diirat nganggo lading, dilaras mawa rasa, supaya moniné pring mau pas karo karepé sing gawé. Dipasna karo wirama, banjur digandhéng nganggo rangken, dadi wilahan.

Kendar Maestro Kendhang Calung Banyumasan

Calung wis dadi ciri-wanciné musik tradisional Banyumas. Kaya déné karawitan, calung mung nduwé pathet sléndro. Biasane nggo lénggéran utawa ngiringi ébég. Lénggér utawa ronggéng wis méh ilang merga kurang generasi penerusé.

Kang Kéndar wis nggulawenthah bab Calung kawit 1977. Nalika semana Kéndar nom, wis kawetar pinter angger nabuh Kendhang. Alon-alon Kang Kéndar sinau gawé calung senajan langka sing marahi.

Kendar Maestro Kendhang Calung Banyumasan

Méh rong taun oléhé sinau, ngasi téyéng gawe calung sing pas nggo pranti tanggapan. Mauné mung kanggo neng désa sekukubané. Siki ora keétung maning calung gawéané Kang Kéndar merga wis digawa tekan negeri manca.

Kang Kéndar sing siki umuran 70, manggon neng Désa Papringan, Kecamatan Banyumas, Kabupatén Banyumas.

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Komentaré wong-wong

  1. Hasil kreatif lan jerih payahè pak Kendar siki uga wis dianggo nang Program Studi Angklung dan Musik Bambu Fakultas Seni Pertunjukan ISBI Bandung. Alhamdulillah, saben mahasiswa sing njiot mata kuliah Praktik Musik Bambu Jawa Tengah 1 lan 2, mesthi nganggo instrumen Calung Banyumas hasil karya kreatife Kang Kendar.
    Maturnuwun, moga-moga sehat seteruse nggih Pak Kendar, lan kudu ana generasi peneruse.

    Reply

Mayuh dikomentari luur..