Ayam bekisar tuku neng pasar
Duit dollar rega larang
Lunga kesasar nabrak dokar
Mula sabar aja kedagar

Nguber pitik malah kewudan
Dodol blendung bathiné sepira
Kahanan politik awud-awudan
Rakyat bingung tambah sengsara

Albasia kayu ringkih
Neng lapangan pada tawuran
Indonésia negara sugih
Akéh pangan akéh tanduran

Mangkat arisan olih telpun
Telpun lirih ora kéri
Urip sepisan guyub rukun
Mati urip NKRI

Gula klapa go tamba lara
Lara ngrintih murug pancong
Pancasila dasar negara
Mérah putih bendéra inyong

Tuku kaca werna-werna
Mémé kasur ndadak detata
Ayuh kanca bangun negara
Rakyat makmur dadi cita-cita

Mbungkusi roti degawa supir
Supir neng kantor lirén dzikir
Merdéka ati merdéka pikir
Pejabat koruptor kudu minggir

30082015

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Mayuh dikomentari luur..