Sura, anglehé wong Jawa, wektuné ngresiki awak. Wayahé nyucékna batin mawa tirakat. Wujudé ngandhegna kabéh sugatan. Ati lan pikiran diselarasna sekang kabéh bab sing négatif, lewih nyedhek maring Gusti Kang Akarya Jagat. Nyadhong kerahayonan urip setaun mengarep.

Sura Dira Jayaningrat, Lebur Déning Pangastuti wujud salah sijine Pupuh Kinanthi neng “Serat Witaradya”, anggitané R. Ngabéhi Ranggawarsita (1802-1873). Piyambaké pujangga agung Kasunanan Surakarta, sing mbabar babagan R. Citrasoma, putra Prabu Aji Pamasa neng negara Witaradya.

Jagra angkara winangun
Sudira marjayeng westhi
Puwara kasub kawasa
Sastraning jro Wedha muni
Sura dira jayaningrat
Lebur déning pangastuti

Kurang-lewih maknané wong sing digdaya sekti-mandraguna, ora tau kalah. Akhiré banjur ora kuat nyekel drajat pangkat, lan tuwuh watek angkara. Ning kabéh watek atose ati, iri, dengki, wadhéh, angkara, mung bisa kalah karo lembah-manah, bijak, alusé ati, sabar, lan welas-asih.

Jebul ora penting sektiné, ning ati sing welas asih bakal ngalahna sekabéhé. Lewih becik dadi wong sing migunani tumrap sepadha-padha.

Sura taun kiyé ésih ana pageblug. Jéré Lik Tino, Candra Sengkalane segara kroda déwa ratu. Segara (4), Kroda (5), Déwa (9), Ratu (1). Diwacané dadi 1954.

Rahayu Sagung Dumadi. Mula padha lerem, jenjem, kon atine adhem-ayem..

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Mayuh dikomentari luur..