Lair, gedhé, tua, mati, urip mung sedhéla. Jéré kaya mampir nginum. Neng gua garbané ibu mung 9 wulan 10 dina, kurang lewihé semena. Urip neng alam dunya ana sing tekan 100 taun, ning uga ana sing mung pirang taun. Mengko bakal mati, utawa lunga maring alam kelanggengan.

Urip mung sedéla. Jebul dhéwék akeh utang. Utang matéri téyéng dibayar matéri, ning utang rasa angel. Merga kudu dibayar mawa rasa. Srawung neng alam dunya, karo wong tua sekeloron, kakang lan adhi, sedulur sebrayat, tangga-teparo, lan kanca sing mung seliwatan, kabéh sing tau sénggolan mesti ana utang rasané.

Mula telung ukara piwulangé kaki nini mayuh digatékna. Nuwun séwu, nyuwun tulung, karo matur nuwun. Menungsa butuh menungsa liyané. Nalikané butuh aja cang-cung lali suba-sita. “Nuwun séwu, kula nyuwun tulung anu.. anu.. anu..”, bareng wis ditemandangi matur maning, “matur nuwun, nggih..” sukur detambahi, “nyuwun pangapunten, wis ngrépoti rika..” Mbok ngasi nyenthok sing banjur dadi utang rasa.

Sing dadi atasan, sing dadi juragan aja jumawa. Rika mung nunut mulya. Éwandéné wis awéh bayaran, kuwé mung mbayar tenaga lan kringeté, paling adoh nembé pemikiran. Durung tekan rasané. Adoh.

Merga kecenthok sepethit bab rasa, angél ngilanginé. Senajan lambé wis kewetu pangapura, ning urung karuan ati.

Nun? Temenan kiyé, Inyong agi mulang-muruk awaké dhéwék. Merga Inyong rumangsa akéh utang materi lan utang rasa maring rika kabéh. Lébar-luar inyong njaluk pangapura..

Abot mbok? Kelilan..

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..