Gemiyén pas égin bocah tekan remaja tanggung, apa sing diarep-arep utawa dicita-citakna neng inyong ngembén tekané gedé yakuwé kepéngin dadi wong sing suksés. Mbuh mangsudé kepriwé kuwé sing dearani suksés.

Ning intiné ya kepéngin bisa ngapa baé sekang hasil sing diperoléh. Bisa nduwéni apa sing ora. Arep kepéngin apa gari tuku, arep plesir ngendi gari mangkat. Pokoké urip sing kepénak.

Kayané tah ora mung inyong thok sing duwé cita-cita kaya kuwé mau.

Kabéh berlomba-lomba dadi uwong sing suksés, mobat-mabit nguber kesuksésan.

Merga nganggep kesuksésan kuwé ukurané sekang matéri, banjur nék matéri tercukupi mesti uripé bakal kepénak.

Ya padha inyong bé kaya kuwé. Ning kuwé gemiyén..

Mbarang inyong wis gedé, tekan duwé anak duwé bojo, apa sing dikarepna kuwé mau wis ilang kabéh.

Métamorfosis menungsa nggawa asané inyong maring keliya, yakuwé siji: inyong kur kepéngin dadi wong sing apik.

Tegesé apik yakuwé apik maring sapa baé. Apik karo tangga teparo, karo kanca, karo sapa baé.

Misal ana sing butuh diréwangi ora bisa awéh matéri akeh ya awéh pitulungan seanané, mélu mikirna solusi. Apik ya termasuké gelem srawung karo sapa baé. Akéh wong wis ngrasa suksés uripé dhéwékan. Ra gelem srawung karo liyan. Inyong ora gelem dadi wong sing kaya kuwé.

Éwandéné ora bisa apik maring sekabéhan, paling ora inyong belajar apik nyontoni nggo anak bojo.

Sebab nék depikir, tujuané menungsa urip neng ngalam dunya yakuwé mung ngarepna ridhoné Gusti Allah. Dadi ora lucu angger ridhoné Pangéran teka nekan ora kepéngin dadi wong apik.

Muga-muga baé Gusti Allah ridho maring dhéwék. Aamiin..

Andi Kusno Aji

Aseli Bobotsari Purbalingga. Siki duwe usaha bengkel montor lan manggon neng Karang Klesem Banyumas.

Mayuh dikomentari luur..