• 229
    Shares

Kaki Kurdi angger ngomong plata-ploto sakepanaké dhéwék. Ora tédhéng aling-aling, mblosondo, prang-prong, apa anané.

Jenengé baé wong Banyumas, blakasuta persis kaya iket sing dienggo nang sirahé. Ngarep-mburi padha baé. Lempes, langka bendholané nang ngarep apa maning neng mburi.

Wingi soré Kaki Narkim ngéndhong maring nggoné kanca gemuyakan rikalané nésih enom. Jenengé Kaki Kurdi. Keloroné hopéng rétung, maring ngedi baé rantang-runtung kaya truck gandhéng, angger ana Kaki Kurdi ya mesti ana Kaki Narkim.

Wong loro wis padha tuané, rainé wis kisut, rambuté wis padha putih merga umuré méh 70 tahun. Rambut putih anu asli pilokan sekang Sing Gawé Urip. Ora kaya bocah siki rambut putih kuning apa abang anu disemir.

Senajan wis tua, Kaki Kurdi angger babagan cerita negara ora gelem kéri. Rumangsa gemiyén tau ngalami jaman ontran-ontrané negara kawit émut tekan wayah wéné.

Inyong gemiyen ngomong, wong kademangan mbarang gawé koh njukuté dina Rebo Wagé. Jan mringgani banget. Sapa baé sing dadi negarané bola bali ya ontran-ontran ora nana rampungé.” Kang Kurdi labuh ndleming.

“Rika bener, bolan-balén isiné mung pada pecohan padu ora rampung-rampung. Ujarku Pillihan Demang wis rampung ning koh hawané mringgani, ésih urung guyub rukun keton padha blok-blokan,” Kang Narkim semaur.

“Ya ngonoh besanu wong siki pada crangkéng, angger diomongi malah mecicil maring wong tua. Mbagag kaya jangkrik diklitik.”

“Genah koh.. Étang-étung tai-lutung, jaman modérn kon étungan. Paling nglarani ati malah ngarani penggawéan sirik.”

Mung wong siki crangkél pisan mengko angger wis kepadhuk nembé nganggo. Angger urung tah kaya iya-iyaha ngakuné pinter tur kemlithi, jebulé kaya tong gemlundhung langka isiné. Mung gaya tok ora nana isiné ning nyanteng pisan.

Kang Kurdi lan Kang Narkim kompak dopokan sinambi médang kopi lawuh goréngan gedhang. Senajan rungsing, uteké ngasi jebol, jenengé wong cilik ngomong bener ora digoplé .

Karangnangka, 10 Séptémber 2020

Waca Liyane:  Pitulasan Neng Désa


  • 229
    Shares