Setu wengi daplun ketekan seduluré sekang tlatah Sunda. Adhine ramane Daplun pancen wis suwe manggon nang Bandung ngasi umah-umah karo wong kana.

Wengi kuwé umahé daplun ramé pisan kaya lagi mbarang gawé. Keluarga sing wis taunan ra tau ketemu kayong keton padha bungah pisan ngguli ngobrol.

Nang tengah obrolan, liliké ngundang daplun. “Jang kadieu..!”

Madan gedhé rumangsa, daplun bocah umur pitung tahun mérek karo mésem-mésem mbayangna arep diwéi olih-olih.

Mbarang wis pérek Daplun semaur, “Iya lik, ana apa?”

Liliké njur kongkon karo bahasa sundané sing ésih krasa medhoké, lah wong aslinéya sekang mbanyumas.

“Jang, éta tas sareng sandal cokot bawa kalebet”
Hora nganggo babibu bocah kuwé njur njenggirat mlayu maring ngarep.

Ora let suwe Daplun mlebu nggawa sandalé. Barang tekan njero, liliké njenggirap karo ora sadar nyemburna téh sing lagi desruput. Banjur nyuara sing marakna keton basa asliné.

“Owalah bocah gendheng, kuwé sandal ngapa decokoti?”.

“Lah miki mbok liliké sing kongkon inyong kon nyokot sandal gawa mlebu?!” Daplun semaur karo séwot.

Gerrrr…..seumah padha ngguyu kamikekelen.

Ramané Daplun njur semaur, “Plun, pluun.. Maksude liliké kuwé ko kon njukut tas karo sandal. Bahasa sundané njukut kuwe cokot”.

“Sem…. sendal mambu lecit wis tek cokot nembé diomong”. Daplun ndleming karo ngliyus metu njaba.

Wasis Sapto

Aktifis sosial lan penyayang bocah cilik. Siki lagi ngrintis lembaga pendidikan basa Jerman.

Mayuh dikomentari luur..