Rika sapa inyong sapa. Jajal kiyé tah anu babagan JAM. Ana JAM témbok, ana JAM tangan, pokoké JAM.

Apa sih kuwé JAM?

Depikir nganggo gothak gathik gathuk ya ndéan kuwé “Jejegé Awak Menungsa.” Keproki keproki keproki (nang mbathin). Enggané nembé orat orét nang ngarep bé wis njaluk dikeproki, apa sih lah…

Jané sing maca mengko mandan mikir tur ngomong “Sing nulis babagan kiye gemblung, masa maca urung tutug bé dikeproki”, ya gawé clala clolo.

Enggané agi maca ndleming.com sing jam ujug-ujug keprok jal piwé. Trus cecek sing ndeleng rika maca mélu rungokna ujug-ujug keprok… Tiba. Lah melasinéh ya, pokoké ora téyéng mbayangna anu huwis ah mbuh apa…

Balik maning baé maring apa mau kaé ya… Oh ya JAM.

Titéni jarumé jam angger golé muter sekang nomer siji maring nomer liyané, mudeng mbok mangsudé? Kuwé loh arané wektu, ya wektu (Awaké Metu). Alakaé anu apa ya? Derasakna baé, obah detikané kuwé tandané urip. Angger batréné enthong ya bakal sirep.

Wis kaya kuwé thok apa golé macané? Ya hora… aja molai maning mbok mbélok keprok, marakna wujud tulisané hora karu-karuan. Ji ro lu…. Aja nyléntha…

Kepriwé sih JAM “Jejegé Awak Menungsa” nang urip karo sirep?

Hora arep nguyaih segara, kiyé tah anu merga ndeleng Jam nang tembok
dadi tek tulis… Pat ma nem… merem ana pitu ndetik trus kedép ana ping pitu.

Jejegé awak menungsa nang urip karo sirep kuwé wektu mangsudé awaké metu, mudeng mbok? Hora…. ya padha (Sih digilmu).

Molai kang ROLAS ya kuwé (Karo Welas) awak metu kudu karo welas, dadi menungsa sing duwé welas.

Trus obah maring SIJI ya (Sing Nyawiji) dadi menungsa kudu téyéng nyawiji karo sing gawé urip. Sapa wong ngerti awaké dhéwék bakal ngerti sapa gustiné.

Lanjut ya… trus LORO ya “lomboné diparo-paro”. Dadi menungsa aja tukang nglombo, merga sing arané nglombo tolih rasané nang awak hora ayem.

Ana maning maring TELU ya kuwe ” Tresnane melu”. Dadi menungsa kudu nggawa tresna nang menungsa liyane ,maring jagat raya seisine.

Bar kuwe obah PAPAT, yakuwé Papané Sipat. Eling-éling balia maning sipat bén urip sing téyéng ngempani raga karo sukma dadi menungsa sing menungsa.

Terus ana LIMA. Tamba ati kuwé ana lima perkara… (nembang) ya mbok?Hmm molai arep mblasur..

LIMA kuwé…… (sabar ya mandan mikir kiye singkatane sing kayong cocog, ngopi sit lah mbok gemblung). Pejret malah hurung nemu bae apa sih…udude sumed buelll…éng-ing-éngggg…

Ahaaa Lima kuwé Listriké Ma… (cocoté guthul ngonoh koh, abong-abong énggal kon mbayar listrik).

Sing aso… Ciattt LIMA ya kuwé Lirihan Ma…, (alakaé mblangsak uteké, melas tolih sing maca golé ngenténi karo cengar cengir…

Sedéla madhep témbok, nggroméd dhéwék, merem melék…

Kiyé kiyé akhiré nemu, LIMA ya kuwé “Lingsir Dharma.” Dadi menungsa kudu ngerti kepriwé lingsiré dharma nang awak bén kudu téyéng milah ya milih.

Ora nganggo suwé maring ENEM ya kuwé “Unek – Uneké Aja Dipendhem”. Dadi menungsa kudu apa anané, lamon ora seneng karo wong ya gari ngomong thok melong baé. Sing penting bar kuwé rampung dadi nang ati plong.

Anu rumangsa salah ya kudu ngakoni salaéh, bar kuwé maring PITU dadi menungsa nang urip Ginau “Pitutur Pituduh Pitulungan”.

Delanjut maring WOLU mangsudé “Woéh Laku”. Ya kuwé dadi menungsa angger lakuné apik ya olihé woéh ya apik. Alakaé…ngasi klalén ududé murub baé nang asbak. Lah hora papa itung-itung kaya ngobong dupa anu metu kukusé.

Kiyé ana nuju maring SANGA “Sadermané Menungsa”. Téyéng nutupi babahan hawa sanga (bolongan sanga) nang awaké dhéwék.

Contoné bolongan kuping, irung lan seliyané sing ana bolongan bén sadermané lewih mentingna nggo mangfaat wong akéh, ora nggo dhéwék thok tur ninggalna arané keakuan.

Ngombe banyu bening sit… Clegukkk..

Siki ana SEPULUH ya kuwé “Sesepuh Luruh.” Nang kéné mangsudé angger ana apa-apa sing kurang bener ya kudu aja klalén wong tuwa (sesepuh, kasepuhan) mengko ngluruih kepriwé awake dhéwék dadi menungsa.

Ekhhhhhhhhhh….(Ngulét).

Nah kiyé ana SEWELAS, dadi menungsa ya sing menungsakna, kudu “Seneng Welas Asih. “

Ya lumangyan téyéng nulisé dawa, drijiné olahrasa manunggal ati karo pikiran.

Rahayu

Klilan

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..