Kang Rikun karo anak lanangé, Darto, wis ana seminggu kepungkur sirahé pada digundhuli merga duwé nadzar Kang Jeni kepilih dadi Kadés.

Bapa karo anak kompak gundul kabéh krono omongané dhéwék. Gemiyén marang kanca batir sing padha ngréwangi Kang Jeni nyalon Kadés wis ngumbar suara, nék kepilih arep nggunduli siraéh nggo tanda syukur.

Darto urung suwé dadi pengantén anyar. Paling-paling nembé 3 wulan lagi oléh bojo tangga jenengé Narti.

Jaré wong akéh mangsa kuwé dejenengi bulan madu, mbuh kepriwé mengkuna kuna ana istilah Bulan Madu. Madu Tawon Balu, Tawon Klanceng, Madu Tawon Nggung. Jenengé Tawon nék ngentup jan bisa marakna tembem (bengkak) .

Malem Jemuah ndilalah udan sedina muput ora mandeg-mandeg, Kang Rikun sekeluarga padha turu gasik.

Biasané umaéh akéh dayoh (tamu) padha ngéndhong, andon jublegan crita ngalor ngidul sakarepé lan sapenemu. Biasané sing nggo dopokan babagan sing lagi ramé nggo crita wong akéh, apa kuwé urusané dhéwék, RT, désa, tekan urusan politik nasional.

Nonton tipi ya bebeh mendingan mlebu senthong (kamar). Nang kamar mangsan udan mbuh arep ngedheng apa arep criwisan karo bojo, kuwé sih urusan dapuré dhéwék-dhéwék. Urus takonana kabéh wong sing wis pada kawin, wis pada ngerti dhéwék-dhéwék ora perlu diwaraih.

Jam 1 wengi Kang Rikun nglilir, kagét pisan dénéng sentongé peteng dedet. Gragapan sénter nang ngisor ambén kambi gugah-gugah bojoné, Yu Suti.

“Tangi.. tangi..”

“Ana apa, ramané..?” Yu Suti semaur kambi ngucek-ngucek mata sing krasané sepet banget.

“Listriké mati koh..”

Kang Rikun nang ngarep lawang kamar arep nggugah anak lanangé Darto kon ngecék kepriwé sebabé listrik mati. Apa ana sing konslét, apa stop kontaké nggejlug ana sing jail (nakal).

“Darto…to…tangi, listriké mati…” Kang Rikun dodog-dodog nggugah Narto.

“Iya ..Ma…” semauré Darto kang jero sentong.

Darto metu ketharak-tharak gagiyan metu ngumah nuju maring nggon méteran listrik. Ramané, Kang Rikun, ngawasi kang lawang ngarep umah njagong, wong anu peteng dedet.

Narti sing ésih neng kamar mélu tangi lan kagét pisan, kiwé tengen digragapi lanangané wis langka. Dasar wong wadon wedian, ora krasa mélu baén metu kamar.

Narti mandan cengar sengir mbengi tes pada nglakoni saresmi (kumpul bareng) karo Narto. Butul lawang weruh sirah gundul ndarani Narto.

Wong peteng ndedet dhéwéké ora bisa mbédakna endi lanangané, Narto, lan endi mertuané, Kang Rikun, sing padha baén gundulé. Langsung baé dhéwéké ngomong…

“Seneng yah mindo..” Tangan tengené ndorong sirah gundul. Narti ora ngerti menawa sing lagi ngadeg nang lawang ngarep kuwé mertua lanangé, Kang Rikun.

Eh…ndilalah wong lagi apes lan kléru kuwé langka tambané, Kang Rikun nylinguk pas pisan lampu boklamé murub. Narti banget kagété. Nglegeg… Sing nylinguk jebulé mertuané, Kang Rikun.

Rainé pucet isin banget, besanu ndarani mantu sembrono marang mertua wani. Narti gagiyan nutup wirang mlebu kamar.

“Gara- gara gundhul kabéh bapa karo anaké, inyong kewirangan lan kewenangan rahasiané…tanduk pindo..” Narti ngrumed sambi njagong nang ambén.

Karangnangka, 10 Fébruari 2019

Kang Mul

Penulis sing aktif pisan neng media sosial. Ketua neng Institut Studi Pedesaan dan Kawasan.

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..